CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku unen-unen/ukara kang kudu dibedhek/dibatang/digoleki apa maksud kang dikarepake ana ing ukara kasebut.

Cangkriman Wancahan
(Wujude wancahan/singkatan tembung-tembung)
  • Burnas Kopen = bubur panas kokopen
  • Teh Nasgithel = teh panas, legi, kenthel
  • Pindhang kutut = sapi mblandhang lukune katut 
  • Gowang pelot = jagone ana lawang cempene mencolot

Cangkriman Pepindhan
(Wujude ukara kang ngemu pepindhan/perumpamaan)
  • Pitik walik saba meja   (sulak)
  • Pitik walik saba kebon (nanas)
  • Anake diidak-idak, mbokne dielus-elus (andha)
  • Dilebokne malah metu (kancing)
  • Sega sekepel dirubung tinggi (salak)

Cangkriman Blenderan/Plesedan
(Wujude ukara kang ngemu teges plesedan, bisa awujud pranyatan, bisa uga awujud pitakenan)
  • Wong dodol tempe ditalini = sing ditaleni tempene
  • Gajah numpak becak ketok apane?
  • Gajah ngidak endhog ora pecah

Cangkriman Tembang
(Wujude kayata Cangkriman Pepindhan, nanging kagarap sarana tembang Macapat utawa tembang-tembang liyane)

Tembang Pocung (Kreta)
Bapak pucung renten-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha

Tembang Pocung (Gajah)
Bapak pocung dudu watu dudu gunung 
Sankane ing sabrang 
Ngon-angone sang Bupati 
Yen lumaku si pocung lambeyan grana 

Tembang Pocung (Dina)
Bapak Pocung sasedulur ana pitu
Tan ana kang padha
Mati enem urip siji
Dulur pitu tan nate urip barengan

PARIKAN

Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka 2 ukara (sampiran & isi), bisa 2 larik utawa 4 larik kang migunakake purwakanthi (runtuting swara/sajak).


TITIKAN/CIRI-CIRINE PARIKAN
  • Duwe purwakanthi ab ab utawa aa aa
  • Menawa kaserat 2 baris, baris kapisan iku sampiran, baris kapindo isi. Menawa kaserat 4 baris, baris 1,2 diarani sampiran, baris 3,4 diarani isi. 
  • Cacahing wanda (suku kata) ing sampiran lan isi kudu padha.

JINISING PARIKAN
  • Parikan Pitutur     : Kanggo ngandharake amanat/nasehat.
  • Parikan Pasemon  : Kanggo nyindhir, nglucu, gojegan utawa panglipur.

TULADHA PARIKAN
  • Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
            Tuku sukun, tuku blewah 
            Urip rukun mesthi bungah
  • Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
            Bisa nembang, ora bisa nyuling
            Bisa nyawang, ora bisa nyandhing
  • Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
            Magelang kutha gemilang
            Sing ilang wis ora sayang
  • Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
            Ana baya mangan roti karo ngaca
            Pengin mulya aja wedi karo kanca
  • Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
            Gudheg manggar, endhog dadar
            Jangan lodheh lawuh gereh
            Wong sabar rejeki jembar
            Wong sareh bakale oleh
  • Parikan ing tembang (luwih mardika/bebas/cacahing wanda ora kudu padha, ananging uga kudu trep karo lagune)
            Suwe ora jamu
            Jamu godhong tela
            Suwe ora ketemu
            Ketemu pisan gawe gela

AKSARA JAWA

 AKSARA NGLEGENA & PASANGAN



SANDHANGAN




ANGKA JAWA

Tuladha :

AKSARA MURDA


Tuladha :


Aksara Swara


Tuladha :

Aksara Rekan


Tuladha :

Tembang Macapat

PANGETOSAN

  • Tembang Macapat iku cekakan saka "maca papat-papat", tegese angone maca tembang dipedhot saben 4 wanda sepisan.
  • Tembang Macapat yaiku tembang Jawa kang kasusun saka telung paugeran, yaiki guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
  • Tembang Macapat iku karya sastra kang awujud tembang utawa kidung kang jerone nggambarake cakra manggilinganing (daur/siklus hidup) manungsa sadurunge lair/janin tekan seda lan dikafani.


JINISING TEMBANG MACAPAT (11)
  • Maskumambang (janin)
        Maskumambang asale saka 2 tembung yaiku emas lan kumambang. Tembang Maskumambang yaiku pratandha diwiwiti anane panguripan, nggambarake janin kang ana ing jero kandhungan.
  • Mijil (lair)
        Mijil asalae saka tembung wijil kang tegese lair. Tembang Mijil nggambarake kang wir lair saka gua garbane (rahim) sang ibu
  • Sinom (taruna/mudha)
        Sinom yaiku arane godhong asem kang isih enom. Tembang Sinom nggambarake bocah utawa wong kang isih enom banget kang duweni akeh angen-angen lan pikirane durung mateng.
  • Kinanthi (dituntun/dibimbing)
        Kinanthi asale saka tembung kanthi kang tegese tuntun/bimbing. Kinanthi nggambarake wong enom/bocah kang butuh dituntun/dibimbing.
  • Asmaradana (rasa tresna)
        Asmarandana asale saka tembung asmara ‘asmara’ lan dahana ‘geni/api’ ingkang tegesipun ‘api asmara’ atau ‘cinta kasih’. Tembang asmarandana nggambarake rasa manah/ati kang lagi seneng amarga nandang tresna.
  • Gambuh (cocok/jodho)
        Gambuh tegese cocok, gathuk, jodho. Tembang Gambuh nggambarake wong lanang utawa wadon kang wis nemukake pasangan urip kang cocok banjur palakrama (nikah)
  • Dhandhanggula (manis/kepenak)
        Dhandhanggula asale saka tembung dhandhang “ngarep-arep/pengin, cita-cita” lan gula kang tegese manis. Tembang Dhandhanggula gambarake pepinginan wong kang kepingin uripe endah lan kepenak. 
  • Durma (mundure tata krama)
        Durma asale saka tembung mundure tata krama (berkurangnya/hilangnya tata krama). Tembang Durma nggambarake wong kang nemu kasenengan lan kamulyaning urip iku kadhang kala nuwuhake rasa gumedhe.
  • Pangkur (ngungkuri/ngedohi)
        Pangkur asale saka tembung mungkur kang tegese mundur/ngedohi. Tembang pangkur nggambarake manungsa kang wis ora ngumbar pepinginan lan napsune. Uripe namung dinggo golek sangu marang Gustine (ibadah)
  • Megatruh (pisah/pegating ruh/seda/mati)
        Megatruh asalae saka tembung pegat “pisah” lan ruh “nyawa”. Tembang Megatruh nggambarake pisahing ruh/nyawa saka awak manungsa ingkang ateges seda.
  • Pocung (dibungkus/dikafani)
        Pocung tegese dibungkus/dikafani jenasahe. Raga kangwisditinggal dening ruh (mati) banjur dirawat lan disucekake sadurunge sibalekake saka asale (lemah). Tembang pucung nggambarake lakuning pungkasan manungsa yaiku ana ing alam baka.


Watake Tembang Macapat









    Paugeran Tembang Macapat

  1. Guru Gatra (cacahing larik/baris saben sapada/bait)
  2. Guru Wilangan (cacahing wanda/suku kata saben salarik)
  3. Guru Lagu (tibaning swara/aksara vokal saben pungkasaning larik)



Materi Kelas 7

Arti

Latihlah didalam hatimu,
Tentang suara hati supaya menjadi pandai,
Jangan hanya makan dan tidur,
Patuhilah jiwa kesatria,
Kendalikan tubuhmu,
Kurangilah makan dan tidur.




Materi Kelas 8

Arti

Meskipun ayah, ibu, kakek, nenek 
Saudara maupun keluarga
jika nasihat/ajarannya tidak baik
maka jangan kau dengar, tidak patut kau turuti.




Materi Kelas 8

Arti

Menghindarkan diri dari angkara
Bila akan mendidik putra
Dikemas dalam keindahan syair
Dihias agar tampak indah
Agar tujuan ilmu luhur ini tercapai
Yang berlaku di tanah Jawa
Agama sebagai pegangan para pemimpin

tuladha tembang saged dipunpersani wonten link menika https://youtu.be/bxH64_a979I


tuladha tembang saged dipunpersani wonten link menika https://youtu.be/PmabWpt-KUA

Praktik Maos Geguritan

Kemis Paing

Dening: Rohmadi

 

Wayah esuk kang adhem nyethitis

Baskara jumedhul saka sela-selaning wit pring

Kang ndadekake sawangan ati bening

 

Katon saka kadohan

Warna-warnaning sandhangan

Biru, putih, ijo, abang

Kang dadekake seneng anggone nyawang

 

Blangkon

Surjan lurik

Maneka warna kebaya

Selop

Dhuwung

Jarik

Dina Kemis Paing padha gumregut, sengkut

 

Guru, karyawan lan siswa

Padha nyawiji tumuju ing sekolah

Nguri-uri kabudayan

Kabudayan kang bisa gawe menang

 

Pangajabku,

Mugya iki bisa tumeka nganti anak putu




 

Budaya Kang Diugemi

Dening: Dewani Harbuanawati

 

Lingsir esuk seka bang wetan

Raditya jumedhul madhangi jagad

Methuk weton Kemis Paing dinane

Pra siswa olah busana Ngayogyakarta

Ageman nyamping, kebaya, surjan, lan blangkon

 

Busana Jawa nggegulang rasa

Wujud tresna budaya Jawa

Jatining kautaman dhiri

Watak jujur alus ing budi

Pasrah sumarah dhumateng Gusti

 

Ngudi gegayuhan aji

Den upadi…

Lelandhesan budaya Jawa kang diugemi


 



Memetri Kabudayan

Dening: Eko Budi Kaswanto

 

Kala Semana

Budaya Jawa tansah ngrembaka

Gendhing gamelan tansah keprungu ing talingan

Jogeding jathilan tansah endah disawang

 

Nanging saiki…

Nom-nomane padha adoh ing pranatan

Nglirwake adat lan kabudayan

Nyenengi adat saka bangsa liyan

Tanpa gelem nggegemi

Apamaneh anggondheli

 

Bocahku…

Den jaga budayamu

Den jaga jathilanmu

Dimen mukti lan nemu rahayu


 



Virus Sastra Jawa

Dening: Eni Setyowati

 

Virus-virus sastra Jawa

Wus wayahe diwenehi hawa

Wus trepe dititipi nyawa

Dadya sarana anggelar rasa

Dadya warangka angumbar jiwa

 

Virus-virus sastra jawa

Tambaha ngrakut anggonmu sengkut

Mlebu ing sela-selaning jamrut

Jamruting raga, jiwa lan rasa

Dadya pangendah bawana

Kanggo pangayom, pangayem lan pamrayoga

Agesang manungsa ing mayapada

 

Uga dadya pepadhang

Sangu Sang Hyang Wenang

Kanthi Manthering dhiri Jawi

Linandhesan kitab sucing Illahi


 



Aksara Jawa

Krisnawati RND

 

Aksara Jawa warisan leluhur minulya

Ngemu teges ing kang linuwih

Sampun ngantos sirna tanpa tandha

Keli wonten ing ombaking gesang jaman samenika

 

Warisan ingkang aji, kebak ing sasmita

Kangge para putra lan kita sedaya

Gaman landhep kangge ngadhepi prahara

Sekeng lan kumalungkunge jiwa

 

Aksara jawa, kagungan kita sedaya

Tiyang jawi ingkang kedah njagi samudaya

Ajining budaya ugi jati dhirining bangsa

Kanthi niat tulus kairing manah ingkang suci

 

Sampun ngantos sirna

Sesarengan tansah nggladhi lan paring wulang wuruk

Tanpa kendhat, jagi lan memetri

Murih lestari migunani, tan muspra tanpa daya.


 



Matur Nuwun, Gusti

M. Priharti Wiyani

 

Maturnuwun, Gusti

Kula sampun lahir ing Bumi Pertiwi

Bumi ingkang endahing warni

Ingkang sugih wulu wetuning bumi

Ugi budaya maneka warni

 

Maturnuwun, Gusti

Kula sampun pareng mangertosi

Seni, sastra, lan ngelmu Jawi

Aksara Jawi saha tradhisi Jawi

Ingkang maneka warni lan migunani

 

Candhi, situs Jawi, pustaka kina

Wayang, ugi Jangka Jayabaya

Kuncaraning kraton-kraton Nusantara

Saged kita mangertosi sadaya

Saged kawentar ing manca negari

Amargi wontenipun Aksara Jawa

 

Mangga samya nguri-uri Aksara Jawa

Ingkang anjunjung luhuring budaya Nusantara

 

Tuladha Geguritan

Rembulan 

Dening : Aditama Abrianto

 

Saben wengi tansah digadhang

Jedhule rembulan nyandhing lintang

Satunggaling kaendahaning donya

Ciptaning Gusti Kang Maha Kuwasa

 

                    Adheming wengi, nggegirisi

                    Kairing swara kewan saut-sautan

                    Soroting rembulan kang padhang jimbrang

                    Agawe ayeming manah sapa wae kang nyawang

                    Ngilangake sayahing badan rikala siyang

 

Ananging, rembulan ilang rikala enjang

Rikala sang surya katon saka wetan

Pratandha manungsa hamiwiti makarya



 


Kopi

Dening Aditama Abrianto

 

Megatruh, cocok kanggo ati kang sepi

Kanggo ngilangake kesele awak iki

Kanggo ngurangi bunek ing pikir lan aboting ati

Amarga urip kudu dilakoni lan dinikmati

Agawe melek, kupu-kupu ngisep sekar

Nikmat kuwi kadhang kala angel kagambar

Kayata kopi panas kang gawe pikiran mumpyar

Dadekake mikir tambah jembar

Ngayemake ati supaya luwih sabar

 

Wangsalan :

·         Ireng nikmat, cocok kanggo ati kang sepi (ireng nikmat = kopi)

·         Agawe melek, kupu-kupu ngisep sekar (agawe melek = kopi)






Kekancan

Dening Aditama Abrianto

 

Panglipur ati, kunci urip kang kepenak

Tumindak becik ora ngarepake balik

Nadyan dudu kadang, dudu sanak

Beda ibu, beda bapak

Tansah tulung-tinulung ing tumindak

Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan

Kekancan kuwi golek paseduluran

Aja nggolek bathi, aja wedi kelangan

Aja mung jedul nalika bungah, ilang nalika susah

Sejatine kanca kuwi ana ing saben kahanan

 

Wangsalan :

·         Panglipur ati, kunci urip kang kepenak (panglipur ati = kanca)

 

Paribasan :

·         Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan        

        (sanajan wong liya, manawa nandhang ora kepenak bakal dibelani utawa yen mati melu nggetuni)












BASA RINENGGA

Basa Rinengga kasusun saka 2 tembung yaiku basa lan rinengga. Rinengga saka tembung rengga kang tegese dipacak (dihias).

Basa rinengga bisa ditegesi basa kang kasusun kanthi endah, saka gabungan tembung-tembung beda kang dadekake ukara kang endah saengga luwih ngresep ing ati.

Ancas nggunakake basa rinengga yaiku kanggo nambah kaendahaning ukara supaya ukarane luwih endah, dadekake wong liya luwih seneng anggone nyimak


UPACAR TRADHISIONAL YOGYAKARTA

UPACARA SEKATEN Upacara tradhisional salah sijine kabudayan ing masyarakat kang isih diuri-uri supaya ora ilang. Upacara tradhisional kasebu...