UPACARA SEKATEN
Upacara tradhisional salah sijine kabudayan ing masyarakat kang isih diuri-uri supaya ora ilang. Upacara tradhisional kasebut isih dianggep wigati lan akeh pigunane. Menawa masyarakat wis nganggep ora ana pigunane bakal disingkiri lan ora ditindakake. Saya suwe upacara tradhisional kang ana ing masyarakat dadi kesilep lan ilang. Mula saka iku pamarintah dhaerah duwe tanggung jawab nglestarekake upacara tradhisional kasebut aja nganti sirna. Upacara tradhisional kang isih diuri-uri tumeka saiki ana ing Ngayogyakarta, umpamane: upacara sekaten, upacara labuhan, upacara siraman pusaka, upacara tedak siten, nyadran lan sapanunggalane.
Upacara sekaten salah sawijining upacara tradhisional kang isih diuri-uri dening masyarakat lan kraton Ngayogyakarta nganti saiki. Upacara sekaten iku ditindakake kanggo mengeti dina kalairane Nabi Muhammad SAW. Asal usule tembung sekaten ana kang ngarani saka tembung sekati yaiku araning prangkat gamelan ing kraton kang ditabuh nalika mengeti dina laire Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ana uga kang ngarani sekaten iku saka tembung suka lan ati, kang duwe karep seneng atine. Sekaten ana uga kang negesi saka tembung sesek lan ati yaiku sesek atine. Saliyane iku ana uga kang negesi tembung sekaten iku saka tembung syahadatain kang tegese kalimat syahadat.
Sekaten ditindakake setaun sepisan suwene 7 dina, diwiwit tanggal 5 wulan Mulud tekan tanggal 11 Mulud, lan dipungkasi ing tanggal 12 Mulud kanthi nindakake upacara grebeg sekaten. Runtutane upacara sekaten yaiku tanggal 5 Mulud gamelan sekaten ditabuh minangka tandha diwiwiti upacara sekaten. Gamelan ditabuh wiwit jam 4 sore nganti jam 11 bengi, sabanjure gamelan dipindhahake ing Pagongan sangarepe masjid gedhe. Ing Pagongan gamelan sekaten ditabuh ing wayah awan lan bengi lan leren ing wayah sholat lan Jumat. Ing dina candhake tanggal 11 Mulud Ngarsa Dalem Sri Sultan lan punggawa kraton tindak ing masjid gedhe saperlu mirengake riwayat laire Nabi Muhammmad wiwit jam 8 bengi nganti jam 11 bengi. Ing pungkasane gamelan kraton dibalekake saka masjid gedhe menyang kraton.
Ing upacara sekaten ana bab kang kudu digatekake utawa pantangan kang ora kena dilanggar : para niyaga (nabuh gamelan) ora kena ngomong utawa tumindak kang ora becik wektu nabuh gamelan; para abdi dalem ora kena nglangkahi gamelan pusaka; para niyaga ora kena nabuh sadurung pasa lan adus kanthi resik; para niyaga ora kena nabuh gamelan ing malem Jumat lan Jumat awan sadurunge wektu sholat dhuhur utawa Jumatan.
Filosofi kang ana ing upacara tradhisional sekaten ana maneka warna. Sadurunge gamelan ditabuh dianani upacara udhik-udhik yaiku nyebar dhuwit koin dening Ngarsa Dalem, iku minangka lambang paweweh saka raja marang kawulane. Gamelan kraton kang aran Gunturmadu iku duwe lambang tumurune wahyu lan gamelan Nagawilaga iku duwe lambang menang saka paprangan, dene gendhing-gendhing kang ditabuh minangka donga pamuji syukur ana Ngarsa Gusti Allah.
Sadurung upacara grebeg sekaten ditindakake, diadani gladhi resik lan numplak wajik. Gladhi resik ditindakake tanggal 1 tekan 8 Mulud, tanggal 9 leren, tanggal 10 gladhi resik, tanggal 11 leren kanggo tata-tata upacara tanggal 12 Mulud. Kang nindakake upacara gladhi resik yaiku prajurit katon kang aran prajurit Wirabraja, prajurit Daeng, prajurit Patangpuluh, prajurit Prawiratama, prajurit Jagakarya, prajurit Nyutra, prajurit Ketanggung, prajurit Mantrijero, prajurit Surakarsa, dan prajurit Bugis. Dene upacara numplak wajik minangka tandha diwiwiti anggone gawe gunungan yaiku patang dina sadurunge upacara grebeg diwiwiti yaiku tanggal 8 Mulud.
Pungkasane upacara yaiku grebeg Mulud, kanthi nggawa gunungan saka kraton menyang gunungan putri. masjid gedhe. gunungan dharat, gunungan gepak, gunungan pawuhan, lan gunungan picisan. Gunungan iku minangka lambang alam saisine, kang sugih gawe makmure manungsa, dene gunungan kakung minangka lambang raja, gunungan putri lambang prameswari, gunungan dharat lambang pangeran, gunungan gepak lambang putri ngarsa raja, gunungan pawuhan lambang para wayah, gunungan picisan lambange abdi dalem (pandherek).
(sumber: Soepanto, dkk. 1991. Upacara Tradisional Sekaten Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta:Departemen Pendidikan dan Kebudayan)
UPACARA TUMPLAK WAJIK
Upacara numplak wajik iku minangka tandha arep diwiwiti anggone gawe gunungan. Gunungan iku minangka lambang raja paring marang kawulane. Ing kraton ngayogyakarta saben taun kaping telu gawe gunungan yaiku gunungan Mulud, gunungan Sawal lan gunungan Besar. Gunungan Mulud minangka pengetan dina lair Nabi Muhammmad SAW. Gunungan Sawal minangka tandha yen anggone pasa wis rampung. Gunungan Besar yaiku minangka pengetan dina idhul adha.
Upacara numplak wajik ditindakake telung dina sadurunge gawe gunungan. Numplak wajik ditindakake sawise ashar kurang luwih jam setengah papat sore ing Panti Pareden Kilen Plataran Kemagangan. Ora adoh saka Panti Pareden wis ana lumpang gedhe (lesung gedhe) lan alu. Diwiwiti jam 15.30 rombongan abdi dalem Keparak dipandegani putri Sultan utawi sederek Sultan teka saka arah lor liwat Regol Kemagangan. Tekane diiringi gejog lesung kang ditindakake abdi dalem. Sawise rombongan lungguh ing Panti Pareden upacara diwiwiti.
Upacara Numplak Wajik diwiwiti kanthi donga kang dipimpin dening Abdi Dalem Kanca Kaji, sawise iku Abdi Dalem Kanca Abang nyamektakake jodhang yaiku alas gunungan saka kayu kang dianggo nggawa gunungan kasebut. Gejog lesung banjur keprungu maneh sarana kanggo ngusir setan.
Wajik satenggok gedhe ditumplak ing jodhang, Gunungan wadon kang digawe saka pring banjur dipasang, ditaleni ing pasak wesi kang ana ing jodhang kasebut. Abdi Dalem Keparak banjur ngolesi lulur kang digawe saka dlingo bengle ing jodhang, sinjang songer digubetake ing ragangan gunungan. Gejog lesung mandheg anggone nabuh iku minangka tandha menawa upacara tumplak wajik wis rampung. Gejog lesung lan lulur dlingo bengle dipercaya kanggo tolak bala utawa ngusir setan supaya acara bisa lumaku kanthi gangsar.
Esuk sadurunge upacara grebeg diwiwiti, gunungan wis siyaga ing Tratag Bangsal Pancaniti. Mengkone gunungan kasebut di gawa metu saka kraton banjur dibagek-bagekake para kawula.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar