Latihan Praktik Maos Geguritan

Kemis Paing

Dening: Rohmadi

 

Wayah esuk kang adhem nyethitis

Baskara jumedhul saka sela-selaning wit pring

Kang ndadekake sawangan ati bening

 

Katon saka kadohan

Warna-warnaning sandhangan

Biru, putih, ijo, abang

Kang dadekake seneng anggone nyawang

 

Blangkon

Surjan lurik

Maneka warna kebaya

Selop

Dhuwung

Jarik

Dina Kemis Paing padha gumregut, sengkut

 

Guru, karyawan lan siswa

Padha nyawiji tumuju ing sekolah

Nguri-uri kabudayan

Kabudayan kang bisa gawe menang

 

Pangajabku,

Mugya iki bisa tumeka nganti anak putu




 

Budaya Kang Diugemi

Dening: Dewani Harbuanawati

 

Lingsir esuk seka bang wetan

Raditya jumedhul madhangi jagad

Methuk weton Kemis Paing dinane

Pra siswa olah busana Ngayogyakarta

Ageman nyamping, kebaya, surjan, lan blangkon

 

Busana Jawa nggegulang rasa

Wujud tresna budaya Jawa

Jatining kautaman dhiri

Watak jujur alus ing budi

Pasrah sumarah dhumateng Gusti

 

Ngudi gegayuhan aji

Den upadi…

Lelandhesan budaya Jawa kang diugemi


 



Memetri Kabudayan

Dening: Eko Budi Kaswanto

 

Kala Semana

Budaya Jawa tansah ngrembaka

Gendhing gamelan tansah keprungu ing talingan

Jogeding jathilan tansah endah disawang

 

Nanging saiki…

Nom-nomane padha adoh ing pranatan

Nglirwake adat lan kabudayan

Nyenengi adat saka bangsa liyan

Tanpa gelem nggegemi

Apamaneh anggondheli

 

Bocahku…

Den jaga budayamu

Den jaga jathilanmu

Dimen mukti lan nemu rahayu


 



Virus Sastra Jawa

Dening: Eni Setyowati

 

Virus-virus sastra Jawa

Wus wayahe diwenehi hawa

Wus trepe dititipi nyawa

Dadya sarana anggelar rasa

Dadya warangka angumbar jiwa

 

Virus-virus sastra jawa

Tambaha ngrakut anggonmu sengkut

Mlebu ing sela-selaning jamrut

Jamruting raga, jiwa lan rasa

Dadya pangendah bawana

Kanggo pangayom, pangayem lan pamrayoga

Agesang manungsa ing mayapada

 

Uga dadya pepadhang

Sangu Sang Hyang Wenang

Kanthi Manthering dhiri Jawi

Linandhesan kitab sucing Illahi


 



Aksara Jawa

Krisnawati RND

 

Aksara Jawa warisan leluhur minulya

Ngemu teges ing kang linuwih

Sampun ngantos sirna tanpa tandha

Keli wonten ing ombaking gesang jaman samenika

 

Warisan ingkang aji, kebak ing sasmita

Kangge para putra lan kita sedaya

Gaman landhep kangge ngadhepi prahara

Sekeng lan kumalungkunge jiwa

 

Aksara jawa, kagungan kita sedaya

Tiyang jawi ingkang kedah njagi samudaya

Ajining budaya ugi jati dhirining bangsa

Kanthi niat tulus kairing manah ingkang suci

 

Sampun ngantos sirna

Sesarengan tansah nggladhi lan paring wulang wuruk

Tanpa kendhat, jagi lan memetri

Murih lestari migunani, tan muspra tanpa daya.


 



Matur Nuwun, Gusti

M. Priharti Wiyani

 

Maturnuwun, Gusti

Kula sampun lahir ing Bumi Pertiwi

Bumi ingkang endahing warni

Ingkang sugih wulu wetuning bumi

Ugi budaya maneka warni

 

Maturnuwun, Gusti

Kula sampun pareng mangertosi

Seni, sastra, lan ngelmu Jawi

Aksara Jawi saha tradhisi Jawi

Ingkang maneka warni lan migunani

 

Candhi, situs Jawi, pustaka kina

Wayang, ugi Jangka Jayabaya

Kuncaraning kraton-kraton Nusantara

Saged kita mangertosi sadaya

Saged kawentar ing manca negari

Amargi wontenipun Aksara Jawa

 

Mangga samya nguri-uri Aksara Jawa

Ingkang anjunjung luhuring budaya Nusantara

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CERKAK (Cerita Cekak)

 Pangertosan Cerkak Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar awujud gancaran kan nyaritakake perangan lelakon, ngenani gegambaraning urip bebr...