UPACAR TRADHISIONAL YOGYAKARTA

UPACARA SEKATEN

Upacara tradhisional salah sijine kabudayan ing masyarakat kang isih diuri-uri supaya ora ilang. Upacara tradhisional kasebut isih dianggep wigati lan akeh pigunane. Menawa masyarakat wis nganggep ora ana pigunane bakal disingkiri lan ora ditindakake. Saya suwe upacara tradhisional kang ana ing masyarakat dadi kesilep lan ilang. Mula saka iku pamarintah dhaerah duwe tanggung jawab nglestarekake upacara tradhisional kasebut aja nganti sirna. Upacara tradhisional kang isih diuri-uri tumeka saiki ana ing Ngayogyakarta, umpamane: upacara sekaten, upacara labuhan, upacara siraman pusaka, upacara tedak siten, nyadran lan sapanunggalane.

Upacara sekaten salah sawijining upacara tradhisional kang isih diuri-uri dening masyarakat lan kraton Ngayogyakarta nganti saiki. Upacara sekaten iku ditindakake kanggo mengeti dina kalairane Nabi Muhammad SAW. Asal usule tembung sekaten ana kang ngarani saka tembung sekati yaiku araning prangkat gamelan ing kraton kang ditabuh nalika mengeti dina laire Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ana uga kang ngarani sekaten iku saka tembung suka lan ati, kang duwe karep seneng atine. Sekaten ana uga kang negesi saka tembung sesek lan ati yaiku sesek atine. Saliyane iku ana uga kang negesi tembung sekaten iku saka tembung syahadatain kang tegese kalimat syahadat.

Sekaten ditindakake setaun sepisan suwene 7 dina, diwiwit tanggal 5 wulan Mulud tekan tanggal 11 Mulud, lan dipungkasi ing tanggal 12 Mulud kanthi nindakake upacara grebeg sekaten. Runtutane upacara sekaten yaiku tanggal 5 Mulud gamelan sekaten ditabuh minangka tandha diwiwiti upacara sekaten. Gamelan ditabuh wiwit jam 4 sore nganti jam 11 bengi, sabanjure gamelan dipindhahake ing Pagongan sangarepe masjid gedhe. Ing Pagongan gamelan sekaten ditabuh ing wayah awan lan bengi lan leren ing wayah sholat lan Jumat. Ing dina candhake tanggal 11 Mulud Ngarsa Dalem Sri Sultan lan punggawa kraton tindak ing masjid gedhe saperlu mirengake riwayat laire Nabi Muhammmad wiwit jam 8 bengi nganti jam 11 bengi. Ing pungkasane gamelan kraton dibalekake saka masjid gedhe menyang kraton.

Ing upacara sekaten ana bab kang kudu digatekake utawa pantangan kang ora kena dilanggar : para niyaga (nabuh gamelan) ora kena ngomong utawa tumindak kang ora becik wektu nabuh gamelan; para abdi dalem ora kena nglangkahi gamelan pusaka; para niyaga ora kena nabuh sadurung pasa lan adus kanthi resik; para niyaga ora kena nabuh gamelan ing malem Jumat lan Jumat awan sadurunge wektu sholat dhuhur utawa Jumatan.

Filosofi kang ana ing upacara tradhisional sekaten ana maneka warna. Sadurunge gamelan ditabuh dianani upacara udhik-udhik yaiku nyebar dhuwit koin dening Ngarsa Dalem, iku minangka lambang paweweh saka raja marang kawulane. Gamelan kraton kang aran Gunturmadu iku duwe lambang tumurune wahyu lan gamelan Nagawilaga iku duwe lambang menang saka paprangan, dene gendhing-gendhing kang ditabuh minangka donga pamuji syukur ana Ngarsa Gusti Allah.

Sadurung upacara grebeg sekaten ditindakake, diadani gladhi resik lan numplak wajik. Gladhi resik ditindakake tanggal 1 tekan 8 Mulud, tanggal 9 leren, tanggal 10 gladhi resik, tanggal 11 leren kanggo tata-tata upacara tanggal 12 Mulud. Kang nindakake upacara gladhi resik yaiku prajurit katon kang aran prajurit Wirabraja, prajurit Daeng, prajurit Patangpuluh, prajurit Prawiratama, prajurit Jagakarya, prajurit Nyutra, prajurit Ketanggung, prajurit Mantrijero, prajurit Surakarsa, dan prajurit Bugis. Dene upacara numplak wajik minangka tandha diwiwiti anggone gawe gunungan yaiku patang dina sadurunge upacara grebeg diwiwiti yaiku tanggal 8 Mulud.

Pungkasane upacara yaiku grebeg Mulud, kanthi nggawa gunungan saka kraton menyang gunungan putri. masjid gedhe. gunungan dharat, gunungan gepak, gunungan pawuhan, lan gunungan picisan. Gunungan iku minangka lambang alam saisine, kang sugih gawe makmure manungsa, dene gunungan kakung minangka lambang raja, gunungan putri lambang prameswari, gunungan dharat lambang pangeran, gunungan gepak lambang putri ngarsa raja, gunungan pawuhan lambang para wayah, gunungan picisan lambange abdi dalem (pandherek).

(sumber: Soepanto, dkk. 1991. Upacara Tradisional Sekaten Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta:Departemen Pendidikan dan Kebudayan)


UPACARA TUMPLAK WAJIK

Upacara numplak wajik iku minangka tandha arep diwiwiti anggone gawe gunungan. Gunungan iku minangka lambang raja paring marang kawulane. Ing kraton ngayogyakarta saben taun kaping telu gawe gunungan yaiku gunungan Mulud, gunungan Sawal lan gunungan Besar. Gunungan Mulud minangka pengetan dina lair Nabi Muhammmad SAW. Gunungan Sawal minangka tandha yen anggone pasa wis rampung. Gunungan Besar yaiku minangka pengetan dina idhul adha.

Upacara numplak wajik ditindakake telung dina sadurunge gawe gunungan. Numplak wajik ditindakake sawise ashar kurang luwih jam setengah papat sore ing Panti Pareden Kilen Plataran Kemagangan. Ora adoh saka Panti Pareden wis ana lumpang gedhe (lesung gedhe) lan alu. Diwiwiti jam 15.30 rombongan abdi dalem Keparak dipandegani putri Sultan utawi sederek Sultan teka saka arah lor liwat Regol Kemagangan. Tekane diiringi gejog lesung kang ditindakake abdi dalem. Sawise rombongan lungguh ing Panti Pareden upacara diwiwiti.

Upacara Numplak Wajik diwiwiti kanthi donga kang dipimpin dening Abdi Dalem Kanca Kaji, sawise iku Abdi Dalem Kanca Abang nyamektakake jodhang yaiku alas gunungan saka kayu kang dianggo nggawa gunungan kasebut. Gejog lesung banjur keprungu maneh sarana kanggo ngusir setan.

Wajik satenggok gedhe ditumplak ing jodhang, Gunungan wadon kang digawe saka pring banjur dipasang, ditaleni ing pasak wesi kang ana ing jodhang kasebut. Abdi Dalem Keparak banjur ngolesi lulur kang digawe saka dlingo bengle ing jodhang, sinjang songer digubetake ing ragangan gunungan. Gejog lesung mandheg anggone nabuh iku minangka tandha menawa upacara tumplak wajik wis rampung. Gejog lesung lan lulur dlingo bengle dipercaya kanggo tolak bala utawa ngusir setan supaya acara bisa lumaku kanthi gangsar. 

Esuk sadurunge upacara grebeg diwiwiti, gunungan wis siyaga ing Tratag Bangsal Pancaniti. Mengkone gunungan kasebut di gawa metu saka kraton banjur dibagek-bagekake para kawula.



CERKAK (Cerita Cekak)

  •  Pangertosan Cerkak
Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar awujud gancaran kan nyaritakake perangan lelakon, ngenani gegambaraning urip bebrayan kang ngandhut pitutur, piwulang lan pasemon.

  • Titikan/Ciri Cerkak

  1. awujud gancaran
  2. tembung-tembunge gampang dimangerteni
  3. isine nyaritakake sacuwil/saperangan prastawa ing panguripan paraga utama kang bisa gawe nesu, nyengsem, trenyuh, lsp.
  4. caritane ringkes
  5. anggone maca mung butuhake wektu sedhela
  6. ngemot pitutur, panyaruwe, piweling utawa pasemon.

  • Struktur Teks Cerkak
  1. Pambuka (orientasi) minangka perangan pambuka kanggo ngenalake/nepungake paraga (tokoh), latar (setting) panggonan lan wektu dumadine carita.
  2. Pasulayan (komplikasi) nuduhake anane prekara lan pangrembakaning carita. ing perangan iki wiwit ana prakara 
  3. Pangudhare prakara (resolusi) nuduhake masalah/konflik kang wiwit dirampungake. 
  • Perangan Baku/Unsur Intrinsik Cerkak
  1. Tema
  2. Alur/Plot
  3. Paraga & Watak
  4. Latar/Setting
  5. Piweling
  6. Pamawasing Pangripta
  7. Lelewanging Basa
    

TEMA

  • Wosing crita utawa pokok piker panyerat kang kaandharake wonten ing crita. 
  • Prekara kang dadi landhesan utawi dhasaring carita.
  • Tema ugi saged dipunarani nyawaning crita.

Plot/Alur

  • yaiku urutan lakuning crita (Maju, Mundur, Campuran)

  • Wonten ing cerkak umumipun ngginakake alur maju (dicaritakake urut saking wiwitan dumugi pungkasan)

  • urutaning carita (pengenalan – wiwit ana perkara – perkara klimaks – parampungan)

Paraga lan watak paraga

  • Protagonis (watak becik)
  • Antagonis (watak ala)
  • Tritagonis (watak netral/panengah)

Lattar/Setting

  • Papan
  • Wektu
  • Swasana 

Pamawas/sudut pandang

  • Pamawas paraga kapisan : penulis nyritakaken kisahe dhewe kanthi tembung “aku”, “kula”, “ingsun”, lsp
  • Pamawas paraga katelu : penulis nyritakake kisahe wong liya kanthi tembung “dheweke”, “dhekne”, utawa nyebut jeneng

Gaya Bahasa

Carane pangripta migunakake basa minangka sarana ngandharake gagasane.
Bisa migunakake Majas kang tujuane kanggo ngendahake ukarane, kayata :
  • Personifikasi : bandingake manungsa lan benda mati kang digambarke kayata duweni sipat kaya manungsa. (angina berbisik di telingaku)
  • Simile : perbandingan langsung (membandingkan 2 hal berbeda))(pintere kaya einsten)
  • Metafora : perbandingan tdk langsung, kiasan (bapakku tulang punggung kulawarga, anak emas)
  • Hiperbola : nemenake perkara (saking panase, sampai banjir kringet, tresnaku seamba laut)




Piweling/Amanat

pesen utawa pitutur saka penulis marang pamaca.


TULADHA CERKAKhttps://jawajawani.blogspot.com/2023/09/tuladha-cerkak.html



TULADHA CERKAK





































Pawarta

Pawarta

Palapuran ngenani kadadean kang mentas bae dumadi utawa wis kadadean suwe ananging dirembug maneh kang nyata kadadeane.

Sipate Pawarta

  • Faktual
tegese nyata, genah ana kadadeane
  • Aktual
wektune durung suwe
  • Wigati
    dadi kawigatene wong akeh (penting, ana manpangate)
    • Narik Kawigaten
    bisa gawe wong pengin maca/nyimak


    Pokok-pokok kang kudu dilapurake ing Pawarta (5W + 1 H)

    1. What (apa), yaiku bab kang didadekake pawarta.
    2. When (kapan), yaiku wektu prastawa kadaden.
    3. Where (ing ngendi), yaiku papan panggonan kadadean pratawa
    4. Who (sapa), yaiku paraga kang nindakake prastawa iku
    5. Why (kenang apa), yaiku sebabe prastawa iku
    6. How (kepriye), yaiku lampahe kadadean prastawa

    Nalika maca Pawarta kudu nggatekake

    1. Pocapan 
    kudu cetha lan bener (artikulasi)
    • Vokal (A, I, U, E, O)
    • Konsonan (ta & tha, da & dha)
    2. Patrap (sikap)
    • Anggone ngadeg kudu jejeg.
    • Ulatan kudu focus ing 1 titik, sanadyan karo maca.
    • Tangan ngapurancang.
    • Sumeh 

    Kang diandharake nalika maos Pawarta

    • Pambuka (salam pambuka lan pitepungan)
    • Isi (ngandharake isine pawarta)
    • Panutup (maturnuwun, nyuwun pangapunten, lan salam panutup)

    CARA GOLEK INFORMASI PAWARTA

    • Ngamati kanthi langsung
    • Wawancara dhateng narasumber
    • Golek bahan berita/warta liyane (umpamane  tv, koran, internet)

    URUTANING NULIS  PAWARTA

    1. Nemtokake topik kang arep ditulis
    2. Golek bahan tulisan saakeh-akehe kang gegayutan karo topik kang arep ditulis
    3. Damel cengkorongan pawarta kanggo dhasari pitakonan-pitakonan
    4. Ngembangake cengkorongan dadi teks pawarta

    Pambuka

    Assalamualaikum Wr.Wb
            Sugeng Enjing para pamiyarsa, sugeng pepanggihan malih kaliyan kula ……., saking kelas …., absen …. ing Pawarta Ngayogyakarta.
    Dinten menika …(dina, tgl).. badhe kula andharaken pawarta basa jawi wonten ing tlatah Ngayogyakarta ingkang sampun samadya katur panjenengan sedaya, inggih menika …Hajad Dalem Khaul Ageng Taun Alip 1955 

    Isi Pawarta ...

            Kraton Jogja lagi wae nganakake Hajad Dalem Khaul Ageng dina Rebo, 29 September 2021 utawa 21 Sapar Taun Alip 1955 wingi kanggo mengeti sedane Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Ing tanggalan Jawa, kirab iki dirayakake saben tanggal 21 wulan Sapar. Khaul Ageng ing taun iki minangka mengeti kaping 33.
    Tujuane prosesi Khaul Ageng iki yaiku ndedonga, njaluk ngapura, uga kanggo ngluhurake perjuangan lan ngelingi tuladhane Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Kajaba iku, donga supaya panjang umur lan slamet uga diaturaken kanggo Sri Sultan Hamengku Buwono X lan kulawarga, sedulur lan Abdi Dalem umume. 
    Acara kasebut dianakake ing Tratag Gedhong Prabayeksa udakara jam 19.30 WIB. Ana ing prosesi kasebut yaiku Sri Sultan Hamengku Buwono X bebarengan karo GKR Hemas, Putra Dalem, Mantu Dalem, Wayah Dalem, lan Sentana Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Undhangan kanggo Abdi Dalem sing melu diwatesi mung kanggo penghageng, perwakilan penghageng, carik, kahartikan saka saben tepas utawa kawedanan ing kraton. Kabeh tamu undhangan diwajibake nganggo masker lan wijik sadurunge mlebu wilayah Kedhaton.
    Khaul Ageng diisi selametan lan donga bareng sing dipimpin dening Mas Penewu Ngabdul Wahab minangka Abdi Dalem Kanca Kaji.

    Panutup 

            Mekaten pawarta dinten menika, kula ….., ngaturaken agunging panuwun awit kawigatosanipun, kirang langkung anggenipun matur kula nyuwun pangapunten.
    Sugeng enjing, maturnuwun (utawi salam)


    tuladha pawarta :

             Mbangun Sinergi lan Jalin Silaturahmi Tim PWI DIY Tandhing Paseduluran Karo BBPPMPV Seni lan Budaya

         Kanggo mbangun sinergi lan njalin silaturahmi, Tim Bulutangkis lan Tenis Meja Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) DIY ngadani tandhing paseduluran ana Balai Besar Pengembangan Penjaminan Mutu Pendidikan Vokasi (BBPPMPV) Seni lan Budaya di Jalan Kaliurang Km 12,5, Sleman, Jumat (13/1).

    Tandingan bulutangkis lan tenis meja dibukak. dening Kepala BBPPMPV Seni lan Budaya Dr Dra Sarjilah MPd ana GOR BBPPMPV Seni dan Budaya. Sarjilah uga nyambut apik lan seneng tekane PWI DIY. Kang wigati kanggo njalin silaturahmi lan bersinergi ana bidang apa wae.

    "Sugeng rawuh bapak/ ibu rombongan PWI DIY lan sugeng bertandhing. Mugi-mugi bisa bersinergi karo PWI DIY bebarengan ngajokake pendhidhikan, mligine pendhidhikan vokasi ana lemah kelahiran Sakine iku ngraketake silaturahmi, tetandingan paseduluran kaya ngene iki uga penting kanggo ajang komunikasi, diskusi lan tukar pikiran. Kita bisa nyambut gawe bebarengan, klebu PWI DIY," ature Sarjilah.

    Rombongan PWI DIY kapimpin ketuane, Drs Hudono SH, kadhampingi Sekretaris Umum Drs Swasto Dayanto, Ketua SIWO PWI DIY Widyo Suprayogi lan jajaran pengurus. Tim bulutangkis lan tenis meja PWI DIY terdiri dumadi wartawan-wartawan saka werna-werna medhia, cetak lan elektronik.

    (Djaka Lodhang, Setu Wage 28 Januari 2023)



             KWT Minggir Moyudan Mengeti Dina Ibu

         Dina Setu Legi, 31 Desember 2022 kepungkur Kelompok Wanita Tani (KWT) Kapanewon Minggir lan Kapanewon Moyudan, Kabupaten Sleman, DI Yogyakarta mengeti Hari Ibu sing pengetane ngepasi tanggal 22 Desember saben taune. Pengetan digelar ana ing Bale Desa Kalurahan Sendangrejo sing mapan ing Dhukuh Padon, Sendangrejo, Minggir, Sleman, DI Yogyakarta. Anggota KWT kang rawuh watara wong 200 kedaden saka anggota KWT saka kalurahan cacah papat ing Kapanewon Moyudan yaiku Sumberagung, Sumberarum, Sumbersari, lan Sumberahayu, sarta saka Kapanewon Minggir sing nyakup limang kalurahan yaiku Sendangrejo, Sendangsari, Sendang- arum, Sedangmulyo lan Sendang- agung. Cacahe anggota KWT Minggir-Moyudan kang nekani pahargyan dina Ibu kliwat saka wong 200. Kejaba iku pahargyan sing uga dadi udyana kanggo gelar seni iki uga diestreni Penewu Minggir, para lurah saka Kapanewon Minggir lan Kapanewon Moyudan, Kundha Kabudayan Kabupaten Sleman, UPT Moyudan - Minggir, Kapolsek Minggir, Danramil Minggir, lan tamu undhangan. Miturut Ketua KWT Kapanewon Minggir, Maryati, pahargyan pengetan Hari Ibu lan gelaran seni iki kejaba krenteg saka anggota lan pengurus KWT Minggir-Moyudan uga oleh panyengkuyung saka para lurah saka Kapanewon Minggir-Moyudan.

    Miturut Lurah Sendangrejo, Bapak Janta, tanpa owel para lurah melu nyengkuyung urun dana kanggo suksese pahargyan. Gelaran seni sing disuguhake yaiku Gejog Lesung lan Fragmen Andhe-Andhe Lumut. Gejog lesung diembani Bapak Suhadilan Bapak Marwoto dene pelatih fragmen Bapak Supardiono. Bebarengan iku seperangan anggota uga manpangatake pahargyan iki kanthi nyuguhake prodhuk KWT saka panganan kuliner, kasil tani, lan kerajinan. Diajab, pahargyuan sing tembayatan (kolaborasi) antarane tetanen-budaya-lan kegiyatan ekonomi iki muwuhi ngrembakane usaha KWT Minggir-Moyudan ing dina ngarepe.

                                                                                                            (Djaka Lodhang, Setu Wage 28 Januari 2023)

    Tuladha carita lan pacelathon basa jawa

    Dina senin ing wayah esuk, Doni siap-siap mangkat sekolah. Dina iki dheweke mangkat rada gasik amarga dina iki ana kagiatan upacara pengetan ambal warsa SMPN 5 Yogyakarta. Sadurunge mangkat sekolah, Doni mesthi pamitan marang ibune, banjur budhal diterke bapakne..

    Doni    : Buk, kula pamit bidhal sekolah nggih.
    Ibu    : Ya le, ati-ati ya. Aja lali sinau sing tenanan. 
    Doni    : Nggih Buk.
    Ibu    : Ana sing keri ora? Dicek sipek, mbangane mengko ndadak balik meneh.
    Doni    : Boten kok bu, sampun samekta sedaya. Bidhal rumiyin nggih. Assalamu`alaikum.
    Ibu    : Wa`alaikumsalam Wr. Wb.

    Sawise pamit marang ibuke Doni banjur mangkat sekolah kanthi diterke bapake. Saka ngomah tekane sekolahan kurang luwih butuhake wektu 15 menit. Nalika tekan sekolahan, Andi banjur gage-gage mlebu sekolahan lan ora lali pamit bapake dhisik.

    Doni    : Pak, kula pamit sekolah rumiyin nggih (sinambi ngaras astane bapake)
    Bapak    : Ya le, sinau sing pinter, sing tenanan, manut karo bapak ibu, guru.
    Doni    : Nggih pak. Assalamu`alaikum.

    Nalika Doni mlaku tumuju kelas, Dito marani lan jejeri mlaku bareng. 

    Dito    : Sugeng enjing Don.
    Doni    : Sugeng enjing To.
    Dito    : Kepie wingi lomba nembange Don?
    Doni    : Ya ngono lah To, yen rumangsaku wis apik, hehe. Sik penting wingi aku wis latihan tenanan lan maju lombane ya tenanan. .
    Dito    : Mengko kayane asile lomba kuwi diumumake nalika Upacara ya?
    Doni    : Iya, wingi ngendikane pak guru ngono.
    Dito    : Ya wis, sik penting semangat wae Don, sapa ngerti awakmu juwarane.
    Doni    : Iya To, nuwun lho.
    Dito    : Ayo saiki delehke tas sipek, banjur ning lapangan, siap-siap upacara.
    Doni    : Yo

    Upacara bendera kalaksanan kanthi hikmat saka wiwit tekan pungkasan.
    Bibar kuwi ana wara-wara/pengumuman saka OSIS ngengingi lomba nembang kang wingi dianakake ing sekolahan mengeti HUT SMPN 5 Yogyakarta. Riva minangka ketua OSIS macakake asil lomba.

    Riva    : sugeng enjing Ibu Kepala Sekolah, bapak ibu guru, lan kanca-kanca sedaya. Nyuwun kawigatosanipun sekedhap. Wonten mriki kula badhe ngandharaken asilipun lomba nembang Pengetan HUT Sekolah. Ingkang pikantuk juwara satunggal lomba nembang kala wingi inggih menika Doni saking kelas 8K.

    Siswa-siswi kelas 8K banjur keplok, lan bengak-bengok nandhakake yen seneng amarga kancane menang komba makili kelas. Kanca-kancane Doni banjur nyalami Doni lan aweh pangalembana marang dheweke.

    Siska    : Slamet ya Don, kowe pancen bocah trampil, pancen wangun awakmu etuk juwara siji.
    Doni    : Nuwun ya Sis.
    Susi    : Slamet ya Don, swaramu pancen apik tenan kok. Aja lali sesuk aku diwarahi nyanyi ya.
    Doni    : Iya Sis Nuwun ya. Sakjane sing bisa nyanyi kuwi akeh kok. Mung bejaku wae entuk juwara siji.
    Susi    : Nanging pancen apik tenan kok swaramu Don. Sorry tenan malah wingi kae aku tau ngremehake awakmu yen ra bisa nembang.
    Doni    : Iya, ra papa Sus. Uwis tak ngapura. Kabeh uwong ya mesthi tau nglakoni luput.
    Susi    : Nuwun Don, Muga-muga sesuk aku wis ora gampang ngremehake wong liya maneh.

    Cara mimpin donga nggunakake basa jawa

    Miwiti Pasinaon :

    Sumangga kanca-kanca kita wiwiti pasinaon basa jawi wonten enjing/siyang menika kanthi dedonga sesarengan. 

    Dedonga kawiwitan  ----  cekap


    Mungkasi Pasinaon

    Sumangga kanca-kanca kita pungkasi pasinaon basa jawi wonten enjing/siyang menika kanthi dedonga sesarengan. 

    Dedonga kawiwitan  ----  cekap

    Tatakrama & Ungguh-ungguh Basa

     Tatakrama iku asale saka 2 tembung yaiku tembung tata lan krama. Tata tegese becik lan krama tegese pratingkah/patrap. pramila tatakrama bisa ditegesi patrap kang becik.

    Unggah-ungguh asale saka 2 tembung, yaiku tembung unggah lan ungguh. Unggah duweni teges obah mendhuwur lan ungguh asala saka tembung mungguh kang ateges manggon/mapan.

    Unggah-ungguh kapara dadi 4 undha usuk basa, yaiku basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus, 

    1. Ngoko Lugu (kabeh tembunge ngoko)

    Biasane digunakake wong kang luwih tuwa marang wong kang luwih enom (guru marang siswa). Bisa uga digunakake kanggo wong kang saumuran.
    • Le, kapan anggonmu teka? (wong tuwa marang anake)
    • Ngapurane ya, iki mengko aku ora bisa melu sinau bareng. (kanca marang kanca)
    • Kowe mengko bengi sida turu kene ta?. (kanca marang kanca)
    • Aja lali mengko ngarepan diresiki. (Bendara marang rewange)

    2. Ngoko Alus (nggunakake ngoko + krama/madya)

    Biasane digunakake kanggo wong liya kang umure luwih tuwa ananging ora kacek adoh lan wis akrab (adhi marang kangmas/mbakyu). Bisa uga kanggo wong kang saumuran kang nembe ngomongake wong kang luwih tuwa.
    • Panjenengan/Sampeyan apa ora tindak kantor? (adhi marang kangmas/mbakyune)
    • Panjenengan/Sampeyan mengko bengi sida sare kene, ta? (dhateng kanca ingkang arang kepanggih)
    • Pak lurah wingi jarene gerah, mulane ora sida tindak. (kanca marang kanca)

    3. Krama Lugu (nggunakake krama + madya)

    Biasane digunakake marang wong kang luwih tuwa ananging wis akrab banget (kanca sak gawean & nalika blanja ning pasar)
    • Mbok tilem ten mriki mawon mas?
    • Kula ajeng mrika riyin.
    • Niki regane pinten nggih?
    • Sampeyan niku daleme pundi?

    4. Krama Alus (kabeh tembunge krama). 

    Biasane digunakake marang wong kang kudu diormati. (marang wong tuwane, guru, lan marang Bose)

    • Panjenengan badhe tindak pundi?
    • Menapa mangkih sonten kula kepareng sowan dalemipun panjenengan?
    • Nuwun sewu bu, menapa kepareng kula nyuwun pirsa?

    Materi Kelas 7

    1. Unggah-ungguh Tetepungan (Pekenalan)

    • Luwih becik awake dhewe pitepungan dhisik.
    • Nyebutake jeneng, omah, lsp.
    • Sumeh (senyum)

    2. Unggah-ungguh Pamitan 

    • Matur kanthi sopan, ora kesusu.
    • Ngadeg jejeg, sirah rada dhingkluk.
    • Praenan sumingah, ora mbesengut.
    • Nalik salaman luwih apik kanthi diaras astane.
    • Ora kena sembrana/cengengesan.

    3. Tata krama wong mlaku

    • Mlaku ing pinggir sisih kiwa
    • Menawa mlaku ing luwih saka 
    • becike jejer loro-loro ngarep buri, sing putri ing kiwane sing kakung.
    • Ora kena disambi kagiyatan liya
    • Kudu tansah ngati-ati, ngawasake kahanan kiwa lan tengen.
    • Yen mlaku bareng wong tuwa becike ana burine
    • Mlaku ora kena diseret utawa ngantebake sikil.
    • Menawa arep ndhisiki becike matur “nuwun sewu/nyuwun pangapunten kula ngrumiyini”.
    • Menawa liwat sangarepe wong becike matur “nuwun sewu/dherek langkung”

    4. Tata krama numpak kendharaan

    • Sehat awak lan rohani
    • Sehat motore (lampu, klakson, lsp)
    • Nggawa layang kendharaan kanthi komplit (SIM & STNK)
    • Ngganggo pengaman tumrap kendharaan (helm/sabuk pengaman)
    • Yen boncengan motor ora luwih saka 2
    • Nggatekake lan taat rambu-rambu
    • Ora kena jejeran

    Materi Kelas 8

    1. Nyuwun kawigaten (meminta perhatian)

    Usaha supaya wong liya padha nggatekake awake dhewe. Biasane digunakake nalika aweh wara-wara/pengumuman.

    Cara nyuwun kawigaten nalika arep aweh wara-wara.
    • (Bisa diwiwiti kanthi matur kulanuwun)
    • Salam (sugeng enjing/siyang/assalamualaikum) 
    • Njaluk pangapura 
    • Njaluk kawigaten + (idin arep ngomong)
    • Ngandharake isi wara-wara
    • Maturnuwun
    • Salam

    Nalika arep jaluk kawigaten bisa nggunakake tembung :

    • Gatekake 
    • Kawigaten
    • Ganggu sedhela
    • Jaluk wektune
    • Nyelani sedhela
    • Lsp.
    Tuladha :
    • Njaluk kawigatene sedhela kanca-kanca. Iki mengko pasinaon  B.Jawa kosong amarga pak Adit lagi ana rapat.
    • Sugeng siyang kanca-kanca. Ngapura, ganggu wektune (njaluk kawigatene) sedhela, aku arep ngandharake wara-wara bab PENSI kanggo acara HUT Pawitikra. Dadi sesuk saben kelas diwajibake ngetokake perwakilan kanggo pentas ngisi acara HUT. Tak jaluk mengko sak bubare pelajaran, awak dhewe kumpul sedhela ngrembug bab kuwi ya. Mbok menawa kuwi sing perlu tak andharake. Maturnuwun.
    • Sugeng siyang bapak, ibu guru. Nyuwun kawigatosanipun sekedhap. Enjing menika ibu Kepala Sekolah badha ngendikan babagan Ujian Akhir Semester ingkang badhe kaleksanan benjang minggu ngajeng. Sumangga saged dipunmirengaken sesarengan.

    2. Aweh Pangalembana (Memberi Pujian)

    Ngandharake rasa gumun utawa apresiasi marang wong liya tumrap salah sawijining bab kang wis katindakake kanthi becik, endah, elok, lsp.

    Guna aweh pangalembana kanggo wong sing dialem :
    Aweh panjurung utawa panyengkuyung (motivasi/spirit) tumrap pawongan kasebut, supaya tan saya mempeng anggone sinau, gladhen lan kupiya apa wae kanggo nggayuh pepinginane.

    Guna aweh pangalembana kanggo wong sing ngalem :
    Nuwuhake lan nambah rasa preduli marang wong liya (peduli/simpati/empati)

    Tuladha Aweh Pangalembana :
    • Wah, apik tenan anggonmu nembang. Pancen wangun awakmu etuk juwara 1. Sesuk aja lali aku diwarahi ya.
    • Wah, apik tenan anggonmu nggambar, seupama didol mesthi larang.
    Piwulang aweh pangalembana :
    • Kudu ngajeni asil karyane wong liya.
    • Ora kena nyacat apa kang wis ditindakake wong liya.
    • Awake dhewe ora kena umuk lan ngrasa wis marem yen dialem dening wong liya.
    • Sabisa-bisane sregep anggone sinau utawa usaha supaya bisa luwih apik.

    3. Nyuwun idi palilah (meminta ijin)

    Njaluk idin menawa arep lunga saka adicara kang nembe katindakake. Bisa uga kanggo ngarepake palilah/restu saka wong liya kanggo nindakake salah sawijining bab/kagiatan.

    Tuladha nyuwun idi palilah :
    • Kanca-kanca, mengko awan aku arep melu lomba basket makili Pawitikra. Njaluk dongane ya supaya mengko bisa etuk juwara.
    • Pak, bu nyuwun donganipun. Dinten menika kula badhe ndherek lomba FL2SN wonten Taman Pintar mangkih siyang.
    • Pak, bu nyuwun pangapunten dinten menika kula boten saged ndherek pasinaon/KBM amargi kula wonten adicara kulawarga wonten Semarang.
    Guna nyuwun idi palilah/idin
    • Ngandhani wong liya yen awak dhewe arep nindakake salah sawijining bab.
    • Ngerteni wong liya lila utawa marengake/ngetukake apa ora tumrap tumindake awake dhewe.
    • Supaya wong liya ora bingung lan khawatir.

    4. Jaluk Pangapura

    Tegese nalika awake dhewe nindakake kaluputan marang sapa wae, becike enggal ngrumangsani lan ngakoni kaluputane. Banjur gage-gage njaluk pangapura/welas asih marang wong kang awak dhewe luputi supaya gelem aweh pangapura lan lila marang kaluputane awake dhewe.

    Tuladha jaluk pangapura

    • Ngapura ya, aku wingi ora bisa ngewangi nggarap tugas kelompok bareng amarga wingi kui aku ana lomba.
    • Pak, bu nyuwun pangapunten tugas b.jawi kala wingi dereng kula garap amargi kala wingi kula nembe sakit.
    • Nyuwun pangapunten pak, bu rapot kula semester menika kirang sae. Kula janji, mangkih langkung sregep malih anggenipun kula sinau supados saged pikantuk biji ingkang langkung sae.
    Sarat Jaluk Pangapura

    • Rumangsa yen luput tenan.
    • Ati kudu sumeleh lan lila.
    • Janji lan ngupaya tenan supaya ora mbaleni kaluputane kuwi.
    • Nyoba ndandani apa kang wis dilarani/dirusak.
    Sarat Aweh Pangapura
    • Ati kudu lila/iklas.
    • Percaya yen wong liya mesthi bisa dadi wong kang luwih becik.
    • Gelem nglalekake kaluputane wong liya lan ora kena ngrembug maneh kaluputane kang wis kadadean. 

    UPACAR TRADHISIONAL YOGYAKARTA

    UPACARA SEKATEN Upacara tradhisional salah sijine kabudayan ing masyarakat kang isih diuri-uri supaya ora ilang. Upacara tradhisional kasebu...