CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku unen-unen/ukara kang kudu dibedhek/dibatang/digoleki apa maksud kang dikarepake ana ing ukara kasebut.

Cangkriman Wancahan
(Wujude wancahan/singkatan tembung-tembung)
  • Burnas Kopen = bubur panas kokopen
  • Teh Nasgithel = teh panas, legi, kenthel
  • Pindhang kutut = sapi mblandhang lukune katut 
  • Gowang pelot = jagone ana lawang cempene mencolot

Cangkriman Pepindhan
(Wujude ukara kang ngemu pepindhan/perumpamaan)
  • Pitik walik saba meja   (sulak)
  • Pitik walik saba kebon (nanas)
  • Anake diidak-idak, mbokne dielus-elus (andha)
  • Dilebokne malah metu (kancing)
  • Sega sekepel dirubung tinggi (salak)

Cangkriman Blenderan/Plesedan
(Wujude ukara kang ngemu teges plesedan, bisa awujud pranyatan, bisa uga awujud pitakenan)
  • Wong dodol tempe ditalini = sing ditaleni tempene
  • Gajah numpak becak ketok apane?
  • Gajah ngidak endhog ora pecah

Cangkriman Tembang
(Wujude kayata Cangkriman Pepindhan, nanging kagarap sarana tembang Macapat utawa tembang-tembang liyane)

Tembang Pocung (Kreta)
Bapak pucung renten-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha

Tembang Pocung (Gajah)
Bapak pocung dudu watu dudu gunung 
Sankane ing sabrang 
Ngon-angone sang Bupati 
Yen lumaku si pocung lambeyan grana 

Tembang Pocung (Dina)
Bapak Pocung sasedulur ana pitu
Tan ana kang padha
Mati enem urip siji
Dulur pitu tan nate urip barengan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CERKAK (Cerita Cekak)

 Pangertosan Cerkak Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar awujud gancaran kan nyaritakake perangan lelakon, ngenani gegambaraning urip bebr...