PARIKAN

Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka 2 ukara (sampiran & isi), bisa 2 larik utawa 4 larik kang migunakake purwakanthi (runtuting swara/sajak).


TITIKAN/CIRI-CIRINE PARIKAN
  • Duwe purwakanthi ab ab utawa aa aa
  • Menawa kaserat 2 baris, baris kapisan iku sampiran, baris kapindo isi. Menawa kaserat 4 baris, baris 1,2 diarani sampiran, baris 3,4 diarani isi. 
  • Cacahing wanda (suku kata) ing sampiran lan isi kudu padha.

JINISING PARIKAN
  • Parikan Pitutur     : Kanggo ngandharake amanat/nasehat.
  • Parikan Pasemon  : Kanggo nyindhir, nglucu, gojegan utawa panglipur.

TULADHA PARIKAN
  • Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
            Tuku sukun, tuku blewah 
            Urip rukun mesthi bungah
  • Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
            Bisa nembang, ora bisa nyuling
            Bisa nyawang, ora bisa nyandhing
  • Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
            Magelang kutha gemilang
            Sing ilang wis ora sayang
  • Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
            Ana baya mangan roti karo ngaca
            Pengin mulya aja wedi karo kanca
  • Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
            Gudheg manggar, endhog dadar
            Jangan lodheh lawuh gereh
            Wong sabar rejeki jembar
            Wong sareh bakale oleh
  • Parikan ing tembang (luwih mardika/bebas/cacahing wanda ora kudu padha, ananging uga kudu trep karo lagune)
            Suwe ora jamu
            Jamu godhong tela
            Suwe ora ketemu
            Ketemu pisan gawe gela

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

CERKAK (Cerita Cekak)

 Pangertosan Cerkak Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar awujud gancaran kan nyaritakake perangan lelakon, ngenani gegambaraning urip bebr...