Wayang
- Wayang yaiku sawijining
budaya jawa kang duweni teges ayang-ayang (bayangan).
- Carita Ramayana nyaritakake
lakone Prabu Ramawijaya kanggo ngrebut balik garwane yaiku Dewi Sinta kang
diculik Rahwana. Dene Carita Mahabarata nyaritakake perange Pandhawa lan Kurawa
kang diarani Perang Baratayuda.
- Bima kuwi Pandhawa kang nomer loro kang diarani awake paling gedhe lan paling sekti. Bapakne yaiku Pandhu Dewanata, dene ibune yaiku Dewi Kunti (ibu kandhung) lan Dewi Madrim (ibu sambung). Kakange yaiku Yudhistira, lan adhine yaiku Arjuna, Nakula lan Sadewa. Bima due garwa 3, yaiku Nagagini (Naga), Arimbi (Buta) lan Urangayu (Urang). Saka Dewi Nagagini duwe anak Antareja, saka Dewi Arimbi duwe anak Gathutkaca lan saka Dewi Urangayu duwe anak Antasena.
Kulawargane Raden Werkudara
1. Raden Pandhudewanata
- yaiku bapake Pandhawa Lima
- yaiku putrane Resi Wiyasa
(ratu negara Astina) lan Dewi Ambiki
- duweni kakang yaiku
Drestarasta
- pakulitan lan praenane iku
pucet
- wektu lair Pandhudewanata
diwenehi jeneng Sudarma kang ateges pucet
- duweni garwa 2 yaiku Dewi
Kunti lan Dewi Madrim
- Pandhudewanata dadi ratu
negara Astina kanthi jejuluk Prabu Dewanata kang ateges ratu kang luhur
2. Dewi Kunthi
- yaiku ibune Raden Puntadewa,
Raden Werkudara, lan Raden Arjuna.
- yaiku putrine Prabu
Kunthiboja, Ratu ing Mandura
- duwe jeneng liya yaiku
Dewi Prita
- duwe watak welas asih,
setya, lan tajem mawa prabawa
- wiwit enom seneng sinau olah
batin marang Resi Druwasa
- duweni aji Adityaherdaya
paringane Resi Druwasa kang dayane bisa nekakake sapa wae
3. Raden Puntadewa
- putra Pandhawa kang mbarep
(putra nomor siji)
- ratu ing Amarta kanthi
jejuluk Prabu Yushistira
- duweni garwa aran Dewi
Drupadi (putra Prabu Drupada ratu ing Pancala)
- duweni putra aran Pancawala
- duwe watak sabar, ikhlas,
tekun, adil, jujur, lan narima
- titisane Bathara Darma
4. Raden Arjuna
- Pandhawa kang nomer 3
(panengahing pandhawa)
- dasanamane yaiku Janaka,
Permadi, Dananjaya, lsp.
- duweni garwa akeh, yaiku Dewi
Sumbadra, Dewi Larasati, Dewi Wara Srikandhi, lsp.
- ratu ing Madukara
- duweni watak bekti marang
wong tuwa, anteng, kendel, alus, pinter, lsp.
- gamane yaiku Panah Pasopati,
Panah Sarotama, Keris Kalanadhah, Keris Pulanggeni, lsp.
- titisane Dewa Indra
5. Raden Nakula lan Sadewa
- putra kembar kang lair saka
Dewi Madrim
- nalika cilik Nakula duweni
jeneng Pinten, lan Sadewa duweni jeneng Tangsen.
- Nakula yaiku ratu ing
Sawojajar lan Sadewa ratu ing Bumi Retawu.
- titisan saka Dewa kembar
Aswan-Aswin (dewa kang duweni kasekten nambani penyakit)
6. Raden Antareja
- putrane Raden Werkudara kang
nomer siji
- Antareja duweni teges
panguwasa tanpa winates
- lair saka Dewi Nagagini
(putri Sang Hyang Batara Anantaboga kang awujud naga/ula)
- ratu ing Jangkarbumi kanthi
jejuluk Prabu Nagabaginda
- duweni watak jujur, anteng,
kendel, teguh, tanggung jawab, bisa dipercaya, lsp.
- duweni pusaka ali-ali/cincin
Mustikabumi kang bisa ngadohake pati lang bisa kanggo nguripake wong kang
matine ora lumrah.
- duweni kasekten upas/air
liur kang beracun, apa wae kang kena bisa mlepuh lan bisa meteni
musuh kanthi cara dilat bekas telapak sikil sapa wae.
- duweni kasekten amblesbumi
utawa urip ing jero lemah
7. Raden Gathutkaca
- putrane Raden Werkudara
nomer loro
- duweni dasanama Purbaya,
Arimbi Atmaja, Bimasiwi, Kacanegara, lsp.
- lair saka Dewi Arimbi (putri
Prabu Arimbaka, raja raseksa negara Pringgandani)
- ratu ing Pringgandani
- Gathutkaca tegese wong kang
pinter
- duweni watak kendel, teguh,
tangguh, pinter, lan waspada.
- duweni kasekten awak kang
kebal saka meneka gaman.
- duweni kasekten bisa mabur.
8. Raden Antasena
- putrane Raden Werkudara
nomer telu kang paling sekti
- Antasena tegese duweni hak
kang ora winates
- lair saka Dewi Urangayu
(putri Sang Hyang Baruna/Dewa Laut)
- ratu ing Sapta Baruna
- duweni watak jujur, prasaja,
teguh ananging ora bisa basa marang sapa wae.
- duweni sisik ing kulite
saengga ora mempan marang gaman apa wae.
- duweni kasekten mabur,
ambles bumi, lan urip ing jero banyu.
Carita Wayang (Dewa Ruci/Bima Suci)
Dicaritakake
nalika isih enom Bima lan para Pandhawa liyane sinau ana ing Padhepokan
Sokalima kang dipandegane Pandhita Durna. Ana ing kono Padhawa sinau bareng
karo sedulur liyane yaiku para Kurawa. Ing sawijining dina Bima takon marang
gurune bab ilmu kasampurnan utawa manunggaling kawula gusti lan kepie carane
nggayuh ngelmu kasebut. Pandhita Durn banjur jlentrehake yen ngilmu kasampurnan
kuwi ngilmu kang orang sembarang uwong bisa nggayuh. Bima diwenehi ngerti
menawa kepingin entuk ngelmu kasampurnan kasebut kudu bisa nemokake kayu gung
susuhing angin kang mapan ana ing Gunung Candramuka. Pandhita Durna banjur
paring dhawuh marang Bima supaya menyang Gunung Candramuka lan golek kayu gung
susuhing angin supayane bisa nggayuh ngelmu kasampurnan. Krungu apa kang didhawuhke gurune, Bima banjur
pamit lan budhal menyang Gunung Candramuka. Sayektine, apa kang diparentahake Pandhita
Durna kuwi mung siasat kanggo nyilakani Bima supaya ora bisa melu perang
Baratayuda.
Gunung
Candramuka kuwi papan kang wujude alas gung liwang liwung kang kondhang wingit
lan bebayani. Sapa wonge kang wani mlebu alas kasebut biasane ora bisa bali maneh.
Bima kang bekti marang gurune lan duweni jiwa kasatriyan lunga menyang papan
kasebut tanpa ragu. Tekane Bima ana ing Gunung Candramuka, Bima langsung goleki
kanthi temen kayu gung susuhing angin kasebut. Saben ana kang ngalangi lakune
Bima, langsung disingkirake. Wit-witan dibabati lan watu-watu gedhe
disingkirangake kanggo goleki kayu gung susuhing angin.
Babat
alas kang dilakoni Bima agawe muring Buta loro kang mapan ana ing alas kasebut.
Buta loro kang jaga gunung Candramuka duweni awak kang gedhe lan brangasan. Buta
kasebut duwe jeneng Rukmuka lan Rukmakala. Weruh papan padunungane
diobrak-abrik, buta loro kasebut ora trima lan arep nyekel bima kanggo
didadekane mangsane. Bima gelud karo buta loro mau kanthi rame. Kanthi
kasektene, Bima bisa ngrampungake perang tandhinge lan ngalahake buta loro mau.
Sawise
dikalahake karo Bima, buta loro mau malih dadi Dewa Indra lan Dewa Bayu. Ana
kono Dewa Bayu ngaturake panuwun marang Bima amarga saka ngalahake buta loro
mau Dewa Indra lan Dewa Bayu bisa icul saka kutukane. Weruh ana dewa loro kang
ana ning ngarepe, Bima banjur takon ana ning ngendi kayu gung susuhing angin
kang digoleki Bima. Dewa Indra banjur mangsuli pitakonane Bima, yen sejatine
kayu gung susuhing angin kuwi ora ana wujude. Sing digoleki Bima kuwi mung
gegambaran ngilmu kang bisa di etukake saka niat lan tumindak kang tumemen.
Kayata Bima kang bisa ngalahake Rukmuka lan Rukmakala, ing ngendi buta loro mau
gegambarane panggodha kang bisa gawe wong liya wedi lang ngurungake niate. Saka
apa kang diangdhareke Dewa Indra lan Dewa Bayu mau, Bima banjur ngerti apa kang
sejatine digoleki. Bima Banjur jaluk pamit balik menyang Astina. Sakdurunge
bali, Dewa Indra menehi Bima ali-ali kang aran Sesotya Manik Candrama. Dayane
ali-ali kasebut yaiku bisa mlebu ing segara tanpa kangelan.
Sawise
dheweke bali menyang astina, dheweke memoni gurune maneh, yaiku Resi Drona.
Ngadhep gurune, Bima jlentrehake apa wae kang dheweke temokake ana ing Gunung
Candramuka, wiwit saka dheweke babad alas lan gelud karo buta, tekan dheweke
ketemu dewa Indra lan Bayu. Sawise krungu caritane Bima, Pandhita Durna banjur
dhawuh maneh marang Bima kanggo goleki Tirta Perwitasari kang mapan ana ing
telenging segara. Etuk dhawuh saka gurune kasebut bima banjur budhal menyang
segara.
Saktekane
pinggir segara, Bima banjur ngatur napase lan netegake atina sadurunge
nyemplung segara. Nalika nyemplung ing segara, Bima katulungan ali-ali kang
diparingi dewa Indra saengga Bima bisa
mlebu ing segara tanpa kangelan. Ing telenging samodra, Bima kepethuk naga kang
aran Amburnawa. Amburnawa kuwi naga gedhe kang ganas, kang duweni wisa. Kewan
apa wae kang lewat ngarepe mesthi dipangan saengga ora ana kewan laut kang wani
nyedhaki. Weruh ana manungsa kang ana ing ngarepe, Amburnawa banjur nggubet
awake Bima nganti ora bisa obah lan kepingin dadekake bima dadi mangsane. Bima
kang awake kaubet banjur ngetokake gamane yaiku kuku Pancanoka. Kuku Pancanoka
ditancepake ing awake naga kasebut nganti suwek kulit lan mocor-mocor getihe.
Perang tandhing mau dimenangake dening Bima, banjur Bima nerusake lakune golek
Tirta Perwitasari.
Nalika
golek Tirta Perwitasari Bima ketemu bocah
cilik kang wujude mirip kaya Bima. Ing kono Bima takon marang bocah kasebut,
sapa sejatine dheweke. Bocah kuwi mangsuli yen sejatine dheweke kui Dewa Ruci.
Krungu apa kang diandharake bocah kasebut, bima durung percaya. Bima banjur
nguji Dewa Ruci kanggo bedhek kenang apa Bima lunga adoh tekan telenging
samudra lan kira-kira sing paring dhawuh. Dewa Ruci banjur mangsuli bilih Bima
tekan telenging samudra saperlu golek Tirta Perwitasari lan sing ngakon Bima
yaiku gurune dhewe kang aran Pandhita Durna. Krungu apa wangsulane Dewa Ruci,
Bima banjur percaya yen bocah kang wujude kaya Bima kuwi pancene Dewa Ruci.
Bima
kang ketemu Dewa Ruci ing telenging samodra banjur jaluk pituduh ana ngendi
dheweke bisa ngetukake Tirta Perwitasari. Dewa Ruci banjur ngomong yen pancene
Bima pengin weruh apa kang digoleki, Bima kudu gelem mlebu ana anggane Dewa
Ruci. Bima bingung karo andharane Dewa Ruci amarga awake Bima kuwi gedhe lan
awake Dewa Ruci kuwi mung sak epek-epeke Bima, dadi ra mungkin bima bisa mlebu.
Weruh Bima kang ora percaya, Dewa Ruci banjur dhawuh marang Bima supaya
mantebake atine lan weningake pikire supaya awake bisa mlebu ana anggane Dewa
Ruci.
Nalika
wis mlebu ana ing awake Dewa Ruci, Bima kaget lan nggumun amarga apa kang katon
ning ngarep kuwi beda karo apa kang dibayangake. Ana ing anggane Dewa Ruci,
Bima ngrasa kayata lagi ana ing papan kang jembar tanpa winates. Bima uga
ngrasakake rasa adhem, ayem, endah lan tentrem nalika ana ing anggane Dewa Ruci.
Ing kono Bima diwejang ngilmu sangkan paraning dumadi kang nerangake mula bukaning
manungsa kacipta ing donya lan sawise kuwi bakal bali ana ngendi. Sakliyane iku,
Bima uga diwejang Pancamaya Kuwasaning Tyas kang dilambangake minangka lima
panca indra (paningal, pamiyarsa, pangganda, pangrasa lan pamirasa) kang kudu
bisa dikuwasani kanthi becik.
Ing jiwaning
manungsa sejatine ana pancamaya (lima cahya), ing ngendi saben cahya mau duweni
werna dhewe-dhewe. Saben manungsa duweni werna
kang sorote paling padhang kayata nepsune kang paling gedhe.
1.
Cahya ireng, nggambarake
nepsu marang panganan (kemaruk, luwe, ngelak lan ngantuk)
2.
Cahya abang, nggambarake
watak nistha, angkara murka lan gampang nesu.
3.
Cahya kuning, nggambarake
hawa kasenengan, pepinginan lan kabungahan.
4.
Cahya putih,
nggambarake watak wicaksana lan kautaman
5.
Cahya kayata zamrud
kang asale saka soroting bumi/donya, ngaambarake banyu, geni, angin, angkasa,
surya, candra/rembulan lan kartika/lintang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar