Latihan Praktik Maos Geguritan

Kemis Paing

Dening: Rohmadi

 

Wayah esuk kang adhem nyethitis

Baskara jumedhul saka sela-selaning wit pring

Kang ndadekake sawangan ati bening

 

Katon saka kadohan

Warna-warnaning sandhangan

Biru, putih, ijo, abang

Kang dadekake seneng anggone nyawang

 

Blangkon

Surjan lurik

Maneka warna kebaya

Selop

Dhuwung

Jarik

Dina Kemis Paing padha gumregut, sengkut

 

Guru, karyawan lan siswa

Padha nyawiji tumuju ing sekolah

Nguri-uri kabudayan

Kabudayan kang bisa gawe menang

 

Pangajabku,

Mugya iki bisa tumeka nganti anak putu




 

Budaya Kang Diugemi

Dening: Dewani Harbuanawati

 

Lingsir esuk seka bang wetan

Raditya jumedhul madhangi jagad

Methuk weton Kemis Paing dinane

Pra siswa olah busana Ngayogyakarta

Ageman nyamping, kebaya, surjan, lan blangkon

 

Busana Jawa nggegulang rasa

Wujud tresna budaya Jawa

Jatining kautaman dhiri

Watak jujur alus ing budi

Pasrah sumarah dhumateng Gusti

 

Ngudi gegayuhan aji

Den upadi…

Lelandhesan budaya Jawa kang diugemi


 



Memetri Kabudayan

Dening: Eko Budi Kaswanto

 

Kala Semana

Budaya Jawa tansah ngrembaka

Gendhing gamelan tansah keprungu ing talingan

Jogeding jathilan tansah endah disawang

 

Nanging saiki…

Nom-nomane padha adoh ing pranatan

Nglirwake adat lan kabudayan

Nyenengi adat saka bangsa liyan

Tanpa gelem nggegemi

Apamaneh anggondheli

 

Bocahku…

Den jaga budayamu

Den jaga jathilanmu

Dimen mukti lan nemu rahayu


 



Virus Sastra Jawa

Dening: Eni Setyowati

 

Virus-virus sastra Jawa

Wus wayahe diwenehi hawa

Wus trepe dititipi nyawa

Dadya sarana anggelar rasa

Dadya warangka angumbar jiwa

 

Virus-virus sastra jawa

Tambaha ngrakut anggonmu sengkut

Mlebu ing sela-selaning jamrut

Jamruting raga, jiwa lan rasa

Dadya pangendah bawana

Kanggo pangayom, pangayem lan pamrayoga

Agesang manungsa ing mayapada

 

Uga dadya pepadhang

Sangu Sang Hyang Wenang

Kanthi Manthering dhiri Jawi

Linandhesan kitab sucing Illahi


 



Aksara Jawa

Krisnawati RND

 

Aksara Jawa warisan leluhur minulya

Ngemu teges ing kang linuwih

Sampun ngantos sirna tanpa tandha

Keli wonten ing ombaking gesang jaman samenika

 

Warisan ingkang aji, kebak ing sasmita

Kangge para putra lan kita sedaya

Gaman landhep kangge ngadhepi prahara

Sekeng lan kumalungkunge jiwa

 

Aksara jawa, kagungan kita sedaya

Tiyang jawi ingkang kedah njagi samudaya

Ajining budaya ugi jati dhirining bangsa

Kanthi niat tulus kairing manah ingkang suci

 

Sampun ngantos sirna

Sesarengan tansah nggladhi lan paring wulang wuruk

Tanpa kendhat, jagi lan memetri

Murih lestari migunani, tan muspra tanpa daya.


 



Matur Nuwun, Gusti

M. Priharti Wiyani

 

Maturnuwun, Gusti

Kula sampun lahir ing Bumi Pertiwi

Bumi ingkang endahing warni

Ingkang sugih wulu wetuning bumi

Ugi budaya maneka warni

 

Maturnuwun, Gusti

Kula sampun pareng mangertosi

Seni, sastra, lan ngelmu Jawi

Aksara Jawi saha tradhisi Jawi

Ingkang maneka warni lan migunani

 

Candhi, situs Jawi, pustaka kina

Wayang, ugi Jangka Jayabaya

Kuncaraning kraton-kraton Nusantara

Saged kita mangertosi sadaya

Saged kawentar ing manca negari

Amargi wontenipun Aksara Jawa

 

Mangga samya nguri-uri Aksara Jawa

Ingkang anjunjung luhuring budaya Nusantara

 

Tuladha Geguritan

Rembulan 

Dening : Aditama Abrianto

 

Saben wengi tansah digadhang

Jedhule rembulan nyandhing lintang

Satunggaling kaendahaning donya

Ciptaning Gusti Kang Maha Kuwasa

 

                    Adheming wengi, nggegirisi

                    Kairing swara kewan saut-sautan

                    Soroting rembulan kang padhang jimbrang

                    Agawe ayeming manah sapa wae kang nyawang

                    Ngilangake sayahing badan rikala siyang

 

Ananging, rembulan ilang rikala enjang

Rikala sang surya katon saka wetan

Pratandha manungsa hamiwiti makarya



 


Kopi

Dening Aditama Abrianto

 

Megatruh, cocok kanggo ati kang sepi

Kanggo ngilangake kesele awak iki

Kanggo ngurangi bunek ing pikir lan aboting ati

Amarga urip kudu dilakoni lan dinikmati

Agawe melek, kupu-kupu ngisep sekar

Nikmat kuwi kadhang kala angel kagambar

Kayata kopi panas kang gawe pikiran mumpyar

Dadekake mikir tambah jembar

Ngayemake ati supaya luwih sabar

 

Wangsalan :

·         Ireng nikmat, cocok kanggo ati kang sepi (ireng nikmat = kopi)

·         Agawe melek, kupu-kupu ngisep sekar (agawe melek = kopi)






Kekancan

Dening Aditama Abrianto

 

Panglipur ati, kunci urip kang kepenak

Tumindak becik ora ngarepake balik

Nadyan dudu kadang, dudu sanak

Beda ibu, beda bapak

Tansah tulung-tinulung ing tumindak

Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan

Kekancan kuwi golek paseduluran

Aja nggolek bathi, aja wedi kelangan

Aja mung jedul nalika bungah, ilang nalika susah

Sejatine kanca kuwi ana ing saben kahanan

 

Wangsalan :

·         Panglipur ati, kunci urip kang kepenak (panglipur ati = kanca)

 

Paribasan :

·         Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan        

        (sanajan wong liya, manawa nandhang ora kepenak bakal dibelani utawa yen mati melu nggetuni)












BASA RINENGGA

Basa Rinengga kasusun saka 2 tembung yaiku basa lan rinengga. Rinengga saka tembung rengga kang tegese dipacak (dihias).

Basa rinengga bisa ditegesi basa kang kasusun kanthi endah, saka gabungan tembung-tembung beda kang dadekake ukara kang endah saengga luwih ngresep ing ati.

Ancas nggunakake basa rinengga yaiku kanggo nambah kaendahaning ukara supaya ukarane luwih endah, dadekake wong liya luwih seneng anggone nyimak


PARIBASAN, BEBASAN & SALOKA

A. PARIBASAN

yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. (rangkaian kata yang tetap penggunaanya, tidak mengandung makna pengandaian, dan bermakna konotatif)

Tuladha :

       Anak polah bapa kepradah, tegese Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.

       Becik ketitik ala ketara, tegese Becik lan ala bakal katera ing tembe mburine.

       Busuk ketekuk pinter keblinger, tegese Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka.


B. BEBASAN

yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan. Pepindhan marang kahanan, sifat, lan watak manungsa. (Yaitu rangkaian kata yang tetap penggunaanya, bermakna konotatif, dan mengandung makna pengandaian, dimana yang diandaikan adalah keadaan, sifat, dan watak seseorang).

Tuladha :

       Ana Catur Mungkur, tegese Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.

       Kalah cacak menang cacak, tegese Samubarang penggaweyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane.

       Kegedhen empyak kurang cagak, tegese kegedhen kekarepan nanging kurang sembada.


C. SALOKA

yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, lan ngemu surasa pepindhan. Sing ngemu surasa pepindhan iku manungsa, iso anggo pepindhan kewan utawa barang. (Yaiku rangkaian kata yang tetap penggunaanya, bermakna konotatif, dan mengandung makna pengandaian. Dimana yang diandaikan adalah orang, serta yang dipakai sebagai pengandaian bisa binatang maupun barang)

       Kaya banyu karo lenga, tegese wong sing ora bisa rukun.

       Ngalasake negara, tegese wong sing ora manut pranatane negara.

       Ora ganja ora unus, tegese wong kang ala rupane uga atine.


DUDUTAN/KESIMPULAN

Supaya gampang dimangerteni, tembung Paribasan iku bedane ora ana pepindhan (Pengandaian), Tembung Saloka iku ana pepindhan nanging kanggo manungsane, Tembung Bebasan iku ugi ana pepindhan nanging ora langsung ditujukake kanggo manungsane ananging luwih ning sipat/watake.


Gladhen



WANGSALAN

 Wangsalan yaiku unen-unen kaya dene cangkriman kang batangene wis dikandhakake kathi sarana disamar.


Jinising Wangsalan ana 4, yaiku :

  1. Wangsalan bebas
  2. Wangsalan kang pinathok ing guru wilangan
  3. Wangsalan edi peni
  4. Wangsalan kang sinawung ing tembang


1. Wangsalan Bebas

(kadhapuk nganggo basa lumrah utawa basa padinan, boten kaiket paugeran)

TULADHA

Ø  Jenang tela, aja mung mathuk tanpa ngerti apa-apa.

                (jenang tela = gethuk)

Ø  Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso

                (roning mlinjo = so)

Ø  Witing pari, sinau kang bener dimen dadi bocah pinter

                (witing pari = damen)


2. Wangsalan kang pinathok ing guru wilangan

{kaiket dening paugeran guru wilangan (4-8) utawa (4-8)x2}

TULADHA

(4-8) diarani Wangsalan Lamba

Balung geni, mbok menawa bakal teka ( balung geni=mawa)

Sarung jagung, bobot timbang aneng sira (sarung jagung=klobot)

(4-8)x2 diarani Wangsalan Rangkep

Wohing tanjung, wanara Anjani putra

Becik apa, wong anom cidra ing janji

Wohing tanjung/isi buah tanjung = kecik, Wanara Anjani putra/anak anjani = anoman


3. Wangsalan Edi Peni
(kaiket dening paugeran guru wilangan lan nggatekake purwakanthi)

Jinising ana 2, yaiku

ü  Wangsalan edi peni saukara

Kapi jarwa, dak pethek mangsa luputa

kapi jarwa = kethek   (kapi=munyuk/lutung, jarwa=tegese)


ü  Wangsalan edi peni rong ukara

Janur gunung, gunung geni lor ngayogya

Kadingaren, sira sepi ing ubaya

Janur gunung = aren

Gunung geni lor ngayogya = merapi


4. Wangsalan kang sinawung ing tembang
(wangsalan kang ana ing sajeroning tembang)

   TULADHA

                                TEMBANG PANGKUR

                                Jirak pindha munggweng wana,

                                Sayeng kaga we rekta kang muroni

                                Sinambi kalaning nganggur,

                                Wastra tumrap mustaka,

                                Pangikete wangsalan kang sekar pangkur,

                                Baon sabin ing nawala,

                                Kinarya langen pribadi.

 

WANGSALAN

Woh jirak ing tengah alas = kesambi

Sayeng kaga= golek manuk = kala

We rekta kang muroni = banyu abang sing mendemi = anggur

Wastra tumrap mustaka= iket

Baon sabin = nyambut gawe ing sawah = makarya

Nawala = layang sipate pribadi = langen pribadi


GEGURITAN

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar/modern kang ora kaiket dening paugeran/aturan.


CARA DAMEL GEGURITAN KANG BECIK

  1. Nemtokake tema & irah-irahan/judul
  2. Nggolek ide kanggo nyerat geguritan
  3. Ngidentifikasi tembung-tembung kang utama (kata kunci) saka objek
  4. Nemtokake majas/gaya bahasa (nyusun, ngolah, milah lan milih tetembungan supaya dadi geguritan kang mentes)
  5. Nemtokake purwakanthi kang trep.

BAB-BAB KANG BISA DIGUNAKAKE ING GEGURITAN SUPAYA LANGKUNG ENDAH.

A. Purwakanthi 

 https://jawajawani.blogspot.com/2023/01/purwakanthi.html

B. Basa Rinengga 

Basa Rinengga kasusun saka 2 tembung yaiku basa lan rinengga. Rinengga saka tembung rengga kang tegese dipacak (dihias).

Basa rinengga bisa ditegesi basa kang kasusun kanthi endah, saka gabungan tembung-tembung beda kang dadekake ukara kang endah saengga luwih ngresep ing ati.

Ancas nggunakake basa rinengga yaiku kanggo nambah kaendahaning ukara supaya ukarane luwih endah, dadekake wong liya luwih seneng anggone nyimak

  1. Wangsalan https://jawajawani.blogspot.com/2023/01/wangsalan.html
  2. Paribasan, bebasan lan saloka https://jawajawani.blogspot.com/2023/01/paribasan-bebasan-saloka.html
C. Piwulang
    yaiku ajaran moral kang bisa dijupuk saka isi geguritan. 




SANGUNE MACA GEGURITAN (4W)

1. Wicara 

Pocapan kudu cetha lan pener (artikulasi)
Vokal                     (A, I, U, E, O)
Konsonan            (ta & tha, da & dha)

2. Wirama

Munggah, mudhune swara (intonasi) lan banter, rindhike anggone maca (tempo). Wirama uga kudu nggatekake tandha wacan (titik, koma, lsp)

3. Wirasa 

Ngrasakake/menghayati apa kang ana ing crita. (seneng, sedhih, bingung, lsp.)

4. Wiraga

Patrap, obahing awak, lan pasemon (ekspresi) kang trep karo apa kang digambarake ana ing crita



PRAKTIK MAOS GEGURITAN

https://jawajawani.blogspot.com/2023/01/latihan-praktik-maos-geguritan.html

PURWAKANTHI

Purwakanthi

(runtuting swara/sajak/rima/kemiripan suara)

1. Purwakanthi Guru Swara/Asonansi 

    (runtuting swara ing wanda = pengulangan atau kemiripan suara dalam suku kata/kata/kalimat)

2. Purwakanthi Guru Sastra/Aliterasi 

    (runtuting aksara mati/konsonan = pengulangan bunyi konsonan dalam suku kata/kata)

3. Purwakanthi Basa Lumaksita/Anadiplosis 

    (runtuting tembung = pengulangan atau penyebutan kembali kata yang sudah disebutkan pada bagian     awal



Tuladha Purwakanthi

1. Purwakanthi Guru Swara/Asonansi 

Gemi, setiti, ngati-ati                                       (guru swara = i)
Rasa nelangsa kang tansah karasa            (guru swara = a)
Bungah susah iku lumrah                            (guru swara = ah)
Kabudayan kedah dipunjagi sesarengan    (guru swara = an)

Sing tak rasakake saben dina
Ati kang kalara-lara                                         
Kudu tansah dijaga
Supaya bisa legawa ing rasa                         (guru swara = a)

2. Purwakanthi Guru Sastra/Aliterasi 
  • Sluman, slumun, slamet                    (guru sastra = s, l, m)
  • Tata, titi, tentrem                                (guru sastra = t)
  • Rame-rame mung dadi remukan    (guru sastra = r, m)
3. Purwakanthi Basa Lumaksita/Anadiplosis
  • Lumrahe manungsa, manungsa kudu gelem srawung       (basa lumaksita = manungsa)
  • Atiku lara, lara kang nggegirisi                                            (basa lumaksita = lara)
  • Aja rumangsa bisa, nanging bisaa rumangsa                     (basa lumaksita = rumangsa, bisa)


 

CERKAK (Cerita Cekak)

 Pangertosan Cerkak Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar awujud gancaran kan nyaritakake perangan lelakon, ngenani gegambaraning urip bebr...