CERKAK (Cerita Cekak)

  •  Pangertosan Cerkak
Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar awujud gancaran kan nyaritakake perangan lelakon, ngenani gegambaraning urip bebrayan kang ngandhut pitutur, piwulang lan pasemon.

  • Titikan/Ciri Cerkak

  1. awujud gancaran
  2. tembung-tembunge gampang dimangerteni
  3. isine nyaritakake sacuwil/saperangan prastawa ing panguripan paraga utama kang bisa gawe nesu, nyengsem, trenyuh, lsp.
  4. caritane ringkes
  5. anggone maca mung butuhake wektu sedhela
  6. ngemot pitutur, panyaruwe, piweling utawa pasemon.

  • Struktur Teks Cerkak
  1. Pambuka (orientasi) minangka perangan pambuka kanggo ngenalake/nepungake paraga (tokoh), latar (setting) panggonan lan wektu dumadine carita.
  2. Pasulayan (komplikasi) nuduhake anane prekara lan pangrembakaning carita. ing perangan iki wiwit ana prakara 
  3. Pangudhare prakara (resolusi) nuduhake masalah/konflik kang wiwit dirampungake. 
  • Perangan Baku/Unsur Intrinsik Cerkak
  1. Tema
  2. Alur/Plot
  3. Paraga & Watak
  4. Latar/Setting
  5. Piweling
  6. Pamawasing Pangripta
  7. Lelewanging Basa
    

TEMA

  • Wosing crita utawa pokok piker panyerat kang kaandharake wonten ing crita. 
  • Prekara kang dadi landhesan utawi dhasaring carita.
  • Tema ugi saged dipunarani nyawaning crita.

Plot/Alur

  • yaiku urutan lakuning crita (Maju, Mundur, Campuran)

  • Wonten ing cerkak umumipun ngginakake alur maju (dicaritakake urut saking wiwitan dumugi pungkasan)

  • urutaning carita (pengenalan – wiwit ana perkara – perkara klimaks – parampungan)

Paraga lan watak paraga

  • Protagonis (watak becik)
  • Antagonis (watak ala)
  • Tritagonis (watak netral/panengah)

Lattar/Setting

  • Papan
  • Wektu
  • Swasana 

Pamawas/sudut pandang

  • Pamawas paraga kapisan : penulis nyritakaken kisahe dhewe kanthi tembung “aku”, “kula”, “ingsun”, lsp
  • Pamawas paraga katelu : penulis nyritakake kisahe wong liya kanthi tembung “dheweke”, “dhekne”, utawa nyebut jeneng

Gaya Bahasa

Carane pangripta migunakake basa minangka sarana ngandharake gagasane.
Bisa migunakake Majas kang tujuane kanggo ngendahake ukarane, kayata :
  • Personifikasi : bandingake manungsa lan benda mati kang digambarke kayata duweni sipat kaya manungsa. (angina berbisik di telingaku)
  • Simile : perbandingan langsung (membandingkan 2 hal berbeda))(pintere kaya einsten)
  • Metafora : perbandingan tdk langsung, memakai analogi (bapakku tulang punggung kulawarga, anak emas)
  • Hiperbola : nemenake perkara (saking panase, sampai banjir kringet, tresnaku seamba laut)




Piweling/Amanat

pesen utawa pitutur saka penulis marang pamaca.


TULADHA CERKAKhttps://jawajawani.blogspot.com/2023/09/tuladha-cerkak.html



TULADHA CERKAK





































Pawarta

Pawarta

Palapuran ngenani kadadean kang mentas bae dumadi utawa wis kadadean suwe ananging dirembug maneh kang nyata kadadeane.

Sipate Pawarta

  • Faktual
tegese nyata, genah ana kadadeane
  • Aktual
wektune durung suwe
  • Wigati
    dadi kawigatene wong akeh (penting, ana manpangate)
    • Narik Kawigaten
    bisa gawe wong pengin maca/nyimak


    Pokok-pokok kang kudu dilapurake ing Pawarta (5W + 1 H)

    1. What (apa), yaiku bab kang didadekake pawarta.
    2. When (kapan), yaiku wektu prastawa kadaden.
    3. Where (ing ngendi), yaiku papan panggonan kadadean pratawa
    4. Who (sapa), yaiku paraga kang nindakake prastawa iku
    5. Why (kenang apa), yaiku sebabe prastawa iku
    6. How (kepriye), yaiku lampahe kadadean prastawa

    Nalika maca Pawarta kudu nggatekake

    1. Pocapan 
    kudu cetha lan bener (artikulasi)
    • Vokal (A, I, U, E, O)
    • Konsonan (ta & tha, da & dha)
    2. Patrap (sikap)
    • Anggone ngadeg kudu jejeg.
    • Ulatan kudu focus ing 1 titik, sanadyan karo maca.
    • Tangan ngapurancang.
    • Sumeh 

    Kang diandharake nalika maos Pawarta

    • Pambuka (salam pambuka lan pitepungan)
    • Isi (ngandharake isine pawarta)
    • Panutup (maturnuwun, nyuwun pangapunten, lan salam panutup)

    CARA GOLEK INFORMASI PAWARTA

    • Ngamati kanthi langsung
    • Wawancara dhateng narasumber
    • Golek bahan berita/warta liyane (umpamane  tv, koran, internet)

    URUTANING NULIS  PAWARTA

    1. Nemtokake topik kang arep ditulis
    2. Golek bahan tulisan saakeh-akehe kang gegayutan karo topik kang arep ditulis
    3. Damel cengkorongan pawarta kanggo dhasari pitakonan-pitakonan
    4. Ngembangake cengkorongan dadi teks pawarta

    Pambuka

    Assalamualaikum Wr.Wb
            Sugeng Enjing para pamiyarsa, sugeng pepanggihan malih kaliyan kula ……., saking kelas …., absen …. ing Pawarta Ngayogyakarta.
    Dinten menika …(dina, tgl).. badhe kula andharaken pawarta basa jawi wonten ing tlatah Ngayogyakarta ingkang sampun samadya katur panjenengan sedaya, inggih menika …Hajad Dalem Khaul Ageng Taun Alip 1955 

    Isi Pawarta ...

            Kraton Jogja lagi wae nganakake Hajad Dalem Khaul Ageng dina Rebo, 29 September 2021 utawa 21 Sapar Taun Alip 1955 wingi kanggo mengeti sedane Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Ing tanggalan Jawa, kirab iki dirayakake saben tanggal 21 wulan Sapar. Khaul Ageng ing taun iki minangka mengeti kaping 33.
    Tujuane prosesi Khaul Ageng iki yaiku ndedonga, njaluk ngapura, uga kanggo ngluhurake perjuangan lan ngelingi tuladhane Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Kajaba iku, donga supaya panjang umur lan slamet uga diaturaken kanggo Sri Sultan Hamengku Buwono X lan kulawarga, sedulur lan Abdi Dalem umume. 
    Acara kasebut dianakake ing Tratag Gedhong Prabayeksa udakara jam 19.30 WIB. Ana ing prosesi kasebut yaiku Sri Sultan Hamengku Buwono X bebarengan karo GKR Hemas, Putra Dalem, Mantu Dalem, Wayah Dalem, lan Sentana Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Undhangan kanggo Abdi Dalem sing melu diwatesi mung kanggo penghageng, perwakilan penghageng, carik, kahartikan saka saben tepas utawa kawedanan ing kraton. Kabeh tamu undhangan diwajibake nganggo masker lan wijik sadurunge mlebu wilayah Kedhaton.
    Khaul Ageng diisi selametan lan donga bareng sing dipimpin dening Mas Penewu Ngabdul Wahab minangka Abdi Dalem Kanca Kaji.

    Panutup 

            Mekaten pawarta dinten menika, kula ….., ngaturaken agunging panuwun awit kawigatosanipun, kirang langkung anggenipun matur kula nyuwun pangapunten.
    Sugeng enjing, maturnuwun (utawi salam)


    Tuladha carita lan pacelathon basa jawa

    Dina senin ing wayah esuk, Doni siap-siap mangkat sekolah. Dina iki dheweke mangkat rada gasik amarga dina iki ana kagiatan upacara pengetan ambal warsa SMPN 5 Yogyakarta. Sadurunge mangkat sekolah, Doni mesthi pamitan marang ibune, banjur budhal diterke bapakne..

    Doni    : Buk, kula pamit bidhal sekolah nggih.
    Ibu    : Ya le, ati-ati ya. Aja lali sinau sing tenanan. 
    Doni    : Nggih Buk.
    Ibu    : Ana sing keri ora? Dicek sipek, mbangane mengko ndadak balik meneh.
    Doni    : Boten kok bu, sampun samekta sedaya. Bidhal rumiyin nggih. Assalamu`alaikum.
    Ibu    : Wa`alaikumsalam Wr. Wb.

    Sawise pamit marang ibuke Doni banjur mangkat sekolah kanthi diterke bapake. Saka ngomah tekane sekolahan kurang luwih butuhake wektu 15 menit. Nalika tekan sekolahan, Andi banjur gage-gage mlebu sekolahan lan ora lali pamit bapake dhisik.

    Doni    : Pak, kula pamit sekolah rumiyin nggih (sinambi ngaras astane bapake)
    Bapak    : Ya le, sinau sing pinter, sing tenanan, manut karo bapak ibu, guru.
    Doni    : Nggih pak. Assalamu`alaikum.

    Nalika Doni mlaku tumuju kelas, Dito marani lan jejeri mlaku bareng. 

    Dito    : Sugeng enjing Don.
    Doni    : Sugeng enjing To.
    Dito    : Kepie wingi lomba nembange Don?
    Doni    : Ya ngono lah To, yen rumangsaku wis apik, hehe. Sik penting wingi aku wis latihan tenanan lan maju lombane ya tenanan. .
    Dito    : Mengko kayane asile lomba kuwi diumumake nalika Upacara ya?
    Doni    : Iya, wingi ngendikane pak guru ngono.
    Dito    : Ya wis, sik penting semangat wae Don, sapa ngerti awakmu juwarane.
    Doni    : Iya To, nuwun lho.
    Dito    : Ayo saiki delehke tas sipek, banjur ning lapangan, siap-siap upacara.
    Doni    : Yo

    Upacara bendera kalaksanan kanthi hikmat saka wiwit tekan pungkasan.
    Bibar kuwi ana wara-wara/pengumuman saka OSIS ngengingi lomba nembang kang wingi dianakake ing sekolahan mengeti HUT SMPN 5 Yogyakarta. Riva minangka ketua OSIS macakake asil lomba.

    Riva    : sugeng enjing Ibu Kepala Sekolah, bapak ibu guru, lan kanca-kanca sedaya. Nyuwun kawigatosanipun sekedhap. Wonten mriki kula badhe ngandharaken asilipun lomba nembang Pengetan HUT Sekolah. Ingkang pikantuk juwara satunggal lomba nembang kala wingi inggih menika Doni saking kelas 8K.

    Siswa-siswi kelas 8K banjur keplok, lan bengak-bengok nandhakake yen seneng amarga kancane menang komba makili kelas. Kanca-kancane Doni banjur nyalami Doni lan aweh pangalembana marang dheweke.

    Siska    : Slamet ya Don, kowe pancen bocah trampil, pancen wangun awakmu etuk juwara siji.
    Doni    : Nuwun ya Sis.
    Susi    : Slamet ya Don, swaramu pancen apik tenan kok. Aja lali sesuk aku diwarahi nyanyi ya.
    Doni    : Iya Sis Nuwun ya. Sakjane sing bisa nyanyi kuwi akeh kok. Mung bejaku wae entuk juwara siji.
    Susi    : Nanging pancen apik tenan kok swaramu Don. Sorry tenan malah wingi kae aku tau ngremehake awakmu yen ra bisa nembang.
    Doni    : Iya, ra papa Sus. Uwis tak ngapura. Kabeh uwong ya mesthi tau nglakoni luput.
    Susi    : Nuwun Don, Muga-muga sesuk aku wis ora gampang ngremehake wong liya maneh.

    Cara mimpin donga nggunakake basa jawa

    Miwiti Pasinaon :

    Sumangga kanca-kanca kita wiwiti pasinaon basa jawi wonten enjing/siyang menika kanthi dedonga sesarengan. 

    Dedonga kawiwitan  ----  cekap


    Mungkasi Pasinaon

    Sumangga kanca-kanca kita pungkasi pasinaon basa jawi wonten enjing/siyang menika kanthi dedonga sesarengan. 

    Dedonga kawiwitan  ----  cekap

    Tatakrama & Ungguh-ungguh Basa

     Tatakrama iku asale saka 2 tembung yaiku tembung tata lan krama. Tata tegese becik lan krama tegese pratingkah/patrap. pramila tatakrama bisa ditegesi patrap kang becik.

    Unggah-ungguh asale saka 2 tembung, yaiku tembung unggah lan ungguh. Unggah duweni teges obah mendhuwur lan ungguh asala saka tembung mungguh kang ateges manggon/mapan.

    Unggah-ungguh kapara dadi 4 undha usuk basa, yaiku basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus, 

    1. Ngoko Lugu (kabeh tembunge ngoko)

    Biasane digunakake wong kang luwih tuwa marang wong kang luwih enom (guru marang siswa). Bisa uga digunakake kanggo wong kang saumuran.
    • Le, kapan anggonmu teka? (wong tuwa marang anake)
    • Ngapurane ya, iki mengko aku ora bisa melu sinau bareng. (kanca marang kanca)
    • Kowe mengko bengi sida turu kene ta?. (kanca marang kanca)
    • Aja lali mengko ngarepan diresiki. (Bendara marang rewange)

    2. Ngoko Alus (nggunakake ngoko + krama/madya)

    Biasane digunakake kanggo wong liya kang umure luwih tuwa ananging ora kacek adoh lan wis akrab (adhi marang kangmas/mbakyu). Bisa uga kanggo wong kang saumuran kang nembe ngomongake wong kang luwih tuwa.
    • Panjenengan/Sampeyan apa ora tindak kantor? (adhi marang kangmas/mbakyune)
    • Panjenengan/Sampeyan mengko bengi sida sare kene, ta? (dhateng kanca ingkang arang kepanggih)
    • Pak lurah wingi jarene gerah, mulane ora sida tindak. (kanca marang kanca)

    3. Krama Lugu (nggunakake krama + madya)

    Biasane digunakake marang wong kang luwih tuwa ananging wis akrab banget (kanca sak gawean & nalika blanja ning pasar)
    • Mbok tilem ten mriki mawon mas?
    • Kula ajeng mrika riyin.
    • Niki regane pinten nggih?
    • Sampeyan niku daleme pundi?

    4. Krama Alus (kabeh tembunge krama). 

    Biasane digunakake marang wong kang kudu diormati. (marang wong tuwane, guru, lan marang Bose)

    • Panjenengan badhe tindak pundi?
    • Menapa mangkih sonten kula kepareng sowan dalemipun panjenengan?
    • Nuwun sewu bu, menapa kepareng kula nyuwun pirsa?

    Materi Kelas 7

    1. Unggah-ungguh Tetepungan (Pekenalan)

    • Luwih becik awake dhewe pitepungan dhisik.
    • Nyebutake jeneng, omah, lsp.
    • Sumeh (senyum)

    2. Unggah-ungguh Pamitan 

    • Matur kanthi sopan, ora kesusu.
    • Ngadeg jejeg, sirah rada dhingkluk.
    • Praenan sumingah, ora mbesengut.
    • Nalik salaman luwih apik kanthi diaras astane.
    • Ora kena sembrana/cengengesan.

    3. Tata krama wong mlaku

    • Mlaku ing pinggir sisih kiwa
    • Menawa mlaku ing luwih saka 
    • becike jejer loro-loro ngarep buri, sing putri ing kiwane sing kakung.
    • Ora kena disambi kagiyatan liya
    • Kudu tansah ngati-ati, ngawasake kahanan kiwa lan tengen.
    • Yen mlaku bareng wong tuwa becike ana burine
    • Mlaku ora kena diseret utawa ngantebake sikil.
    • Menawa arep ndhisiki becike matur “nuwun sewu/nyuwun pangapunten kula ngrumiyini”.
    • Menawa liwat sangarepe wong becike matur “nuwun sewu/dherek langkung”

    4. Tata krama numpak kendharaan

    • Sehat awak lan rohani
    • Sehat motore (lampu, klakson, lsp)
    • Nggawa layang kendharaan kanthi komplit (SIM & STNK)
    • Ngganggo pengaman tumrap kendharaan (helm/sabuk pengaman)
    • Yen boncengan motor ora luwih saka 2
    • Nggatekake lan taat rambu-rambu
    • Ora kena jejeran

    Materi Kelas 8

    1. Nyuwun kawigaten (meminta perhatian)

    Usaha supaya wong liya padha nggatekake awake dhewe. Biasane digunakake nalika aweh wara-wara/pengumuman.

    Cara nyuwun kawigaten nalika arep aweh wara-wara.
    • (Bisa diwiwiti kanthi matur kulanuwun)
    • Salam (sugeng enjing/siyang/assalamualaikum) 
    • Njaluk pangapura 
    • Njaluk kawigaten + (idin arep ngomong)
    • Ngandharake isi wara-wara
    • Maturnuwun
    • Salam

    Nalika arep jaluk kawigaten bisa nggunakake tembung :

    • Gatekake 
    • Kawigaten
    • Ganggu sedhela
    • Jaluk wektune
    • Nyelani sedhela
    • Lsp.
    Tuladha :
    • Njaluk kawigatene sedhela kanca-kanca. Iki mengko pasinaon  B.Jawa kosong amarga pak Adit lagi ana rapat.
    • Sugeng siyang kanca-kanca. Ngapura, ganggu wektune (njaluk kawigatene) sedhela, aku arep ngandharake wara-wara bab PENSI kanggo acara HUT Pawitikra. Dadi sesuk saben kelas diwajibake ngetokake perwakilan kanggo pentas ngisi acara HUT. Tak jaluk mengko sak bubare pelajaran, awak dhewe kumpul sedhela ngrembug bab kuwi ya. Mbok menawa kuwi sing perlu tak andharake. Maturnuwun.
    • Sugeng siyang bapak, ibu guru. Nyuwun kawigatosanipun sekedhap. Enjing menika ibu Kepala Sekolah badha ngendikan babagan Ujian Akhir Semester ingkang badhe kaleksanan benjang minggu ngajeng. Sumangga saged dipunmirengaken sesarengan.

    2. Aweh Pangalembana (Memberi Pujian)

    Ngandharake rasa gumun utawa apresiasi marang wong liya tumrap salah sawijining bab kang wis katindakake kanthi becik, endah, elok, lsp.

    Guna aweh pangalembana kanggo wong sing dialem :
    Aweh panjurung utawa panyengkuyung (motivasi/spirit) tumrap pawongan kasebut, supaya tan saya mempeng anggone sinau, gladhen lan kupiya apa wae kanggo nggayuh pepinginane.

    Guna aweh pangalembana kanggo wong sing ngalem :
    Nuwuhake lan nambah rasa preduli marang wong liya (peduli/simpati/empati)

    Tuladha Aweh Pangalembana :
    • Wah, apik tenan anggonmu nembang. Pancen wangun awakmu etuk juwara 1. Sesuk aja lali aku diwarahi ya.
    • Wah, apik tenan anggonmu nggambar, seupama didol mesthi larang.
    Piwulang aweh pangalembana :
    • Kudu ngajeni asil karyane wong liya.
    • Ora kena nyacat apa kang wis ditindakake wong liya.
    • Awake dhewe ora kena umuk lan ngrasa wis marem yen dialem dening wong liya.
    • Sabisa-bisane sregep anggone sinau utawa usaha supaya bisa luwih apik.

    3. Nyuwun idi palilah (meminta ijin)

    Njaluk idin menawa arep lunga saka adicara kang nembe katindakake. Bisa uga kanggo ngarepake palilah/restu saka wong liya kanggo nindakake salah sawijining bab/kagiatan.

    Tuladha nyuwun idi palilah :
    • Kanca-kanca, mengko awan aku arep melu lomba basket makili Pawitikra. Njaluk dongane ya supaya mengko bisa etuk juwara.
    • Pak, bu nyuwun donganipun. Dinten menika kula badhe ndherek lomba FL2SN wonten Taman Pintar mangkih siyang.
    • Pak, bu nyuwun pangapunten dinten menika kula boten saged ndherek pasinaon/KBM amargi kula wonten adicara kulawarga wonten Semarang.
    Guna nyuwun idi palilah/idin
    • Ngandhani wong liya yen awak dhewe arep nindakake salah sawijining bab.
    • Ngerteni wong liya lila utawa marengake/ngetukake apa ora tumrap tumindake awake dhewe.
    • Supaya wong liya ora bingung lan khawatir.

    4. Jaluk Pangapura

    Tegese nalika awake dhewe nindakake kaluputan marang sapa wae, becike enggal ngrumangsani lan ngakoni kaluputane. Banjur gage-gage njaluk pangapura/welas asih marang wong kang awak dhewe luputi supaya gelem aweh pangapura lan lila marang kaluputane awake dhewe.

    Tuladha jaluk pangapura

    • Ngapura ya, aku wingi ora bisa ngewangi nggarap tugas kelompok bareng amarga wingi kui aku ana lomba.
    • Pak, bu nyuwun pangapunten tugas b.jawi kala wingi dereng kula garap amargi kala wingi kula nembe sakit.
    • Nyuwun pangapunten pak, bu rapot kula semester menika kirang sae. Kula janji, mangkih langkung sregep malih anggenipun kula sinau supados saged pikantuk biji ingkang langkung sae.
    Sarat Jaluk Pangapura

    • Rumangsa yen luput tenan.
    • Ati kudu sumeleh lan lila.
    • Janji lan ngupaya tenan supaya ora mbaleni kaluputane kuwi.
    • Nyoba ndandani apa kang wis dilarani/dirusak.
    Sarat Aweh Pangapura
    • Ati kudu lila/iklas.
    • Percaya yen wong liya mesthi bisa dadi wong kang luwih becik.
    • Gelem nglalekake kaluputane wong liya lan ora kena ngrembug maneh kaluputane kang wis kadadean. 

    Carita Dewa Ruci (Bima Suci)

    Wayang

    • Wayang yaiku sawijining budaya jawa kang duweni teges ayang-ayang (bayangan).
    • Carita Ramayana nyaritakake lakone Prabu Ramawijaya kanggo ngrebut balik garwane yaiku Dewi Sinta kang diculik Rahwana. Dene Carita Mahabarata nyaritakake perange Pandhawa lan Kurawa kang diarani Perang Baratayuda.

    • Bima kuwi Pandhawa kang nomer loro kang diarani awake paling gedhe lan paling sekti. Bapakne yaiku Pandhu Dewanata, dene ibune yaiku Dewi Kunti (ibu kandhung) lan Dewi Madrim (ibu sambung). Kakange yaiku Yudhistira, lan adhine yaiku Arjuna, Nakula lan Sadewa. Bima due garwa 3, yaiku Nagagini (Naga), Arimbi (Buta) lan Urangayu (Urang). Saka Dewi Nagagini duwe anak Antareja, saka Dewi Arimbi duwe anak Gathutkaca lan saka Dewi Urangayu duwe anak Antasena.

    Kulawargane Raden Werkudara

    1. Raden Pandhudewanata

    • yaiku bapake Pandhawa Lima
    • yaiku putrane Resi Wiyasa (ratu negara Astina) lan Dewi Ambiki
    • duweni kakang yaiku Drestarasta
    • pakulitan lan praenane iku pucet
    • wektu lair Pandhudewanata diwenehi jeneng Sudarma kang ateges pucet
    • duweni garwa 2 yaiku Dewi Kunti lan Dewi Madrim
    • Pandhudewanata dadi ratu negara Astina kanthi jejuluk Prabu Dewanata kang ateges ratu kang luhur

    2. Dewi Kunthi

    • yaiku ibune Raden Puntadewa, Raden Werkudara, lan Raden Arjuna.
    • yaiku putrine Prabu Kunthiboja, Ratu ing Mandura
    • duwe jeneng liya yaiku  Dewi Prita
    • duwe watak welas asih, setya, lan tajem mawa prabawa
    • wiwit enom seneng sinau olah batin marang Resi Druwasa
    • duweni aji Adityaherdaya paringane Resi Druwasa kang dayane bisa nekakake sapa wae

    3. Raden Puntadewa

    • putra Pandhawa kang mbarep (putra nomor siji)
    • ratu ing Amarta kanthi jejuluk Prabu Yushistira
    • duweni garwa aran Dewi Drupadi (putra Prabu Drupada ratu ing Pancala)
    • duweni putra aran Pancawala
    • duwe watak sabar, ikhlas, tekun, adil, jujur, lan narima
    • titisane Bathara Darma

    4. Raden Arjuna

    • Pandhawa kang nomer 3 (panengahing pandhawa)
    • dasanamane yaiku Janaka, Permadi, Dananjaya, lsp.
    • duweni garwa akeh, yaiku Dewi Sumbadra, Dewi Larasati, Dewi Wara Srikandhi, lsp.
    • ratu ing Madukara
    • duweni watak bekti marang wong tuwa, anteng, kendel, alus, pinter, lsp.
    • gamane yaiku Panah Pasopati, Panah Sarotama, Keris Kalanadhah, Keris Pulanggeni, lsp.
    • titisane Dewa Indra

    5. Raden Nakula lan Sadewa

    • putra kembar kang lair saka Dewi Madrim
    • nalika cilik Nakula duweni jeneng Pinten, lan Sadewa duweni jeneng Tangsen.
    • Nakula yaiku ratu ing Sawojajar lan Sadewa ratu ing Bumi Retawu.
    • titisan saka Dewa kembar Aswan-Aswin (dewa kang duweni kasekten nambani penyakit)

    6. Raden Antareja

    • putrane Raden Werkudara kang nomer siji
    • Antareja duweni teges panguwasa tanpa winates
    • lair saka Dewi Nagagini (putri Sang Hyang Batara Anantaboga kang awujud naga/ula)
    • ratu ing Jangkarbumi kanthi jejuluk Prabu Nagabaginda
    • duweni watak jujur, anteng, kendel, teguh, tanggung jawab, bisa dipercaya, lsp.
    • duweni pusaka ali-ali/cincin Mustikabumi kang bisa ngadohake pati lang bisa kanggo nguripake wong kang matine ora lumrah.
    • duweni kasekten upas/air liur kang beracun, apa wae kang kena bisa mlepuh lan bisa meteni musuh kanthi cara dilat bekas telapak sikil sapa wae.
    • duweni kasekten amblesbumi utawa urip ing jero lemah

    7. Raden Gathutkaca

    • putrane Raden Werkudara nomer loro
    • duweni dasanama Purbaya, Arimbi Atmaja, Bimasiwi, Kacanegara, lsp.
    • lair saka Dewi Arimbi (putri Prabu Arimbaka, raja raseksa negara Pringgandani)
    • ratu ing Pringgandani
    • Gathutkaca tegese wong kang pinter
    • duweni watak kendel, teguh, tangguh, pinter, lan waspada.
    • duweni kasekten awak kang kebal saka meneka gaman.
    • duweni kasekten bisa mabur.

    8. Raden Antasena

    • putrane Raden Werkudara nomer telu kang paling sekti
    • Antasena tegese duweni hak kang ora winates
    • lair saka Dewi Urangayu (putri Sang Hyang Baruna/Dewa Laut)
    • ratu ing Sapta Baruna
    • duweni watak jujur, prasaja, teguh ananging ora bisa basa marang sapa wae.
    • duweni sisik ing kulite saengga ora mempan marang gaman apa wae.
    • duweni kasekten mabur, ambles bumi, lan urip ing jero banyu.

    Carita Wayang (Dewa Ruci/Bima Suci)

    Dicaritakake nalika isih enom Bima lan para Pandhawa liyane sinau ana ing Padhepokan Sokalima kang dipandegane Pandhita Durna. Ana ing kono Padhawa sinau bareng karo sedulur liyane yaiku para Kurawa. Ing sawijining dina Bima takon marang gurune bab ilmu kasampurnan utawa manunggaling kawula gusti lan kepie carane nggayuh ngelmu kasebut. Pandhita Durn banjur jlentrehake yen ngilmu kasampurnan kuwi ngilmu kang orang sembarang uwong bisa nggayuh. Bima diwenehi ngerti menawa kepingin entuk ngelmu kasampurnan kasebut kudu bisa nemokake kayu gung susuhing angin kang mapan ana ing Gunung Candramuka. Pandhita Durna banjur paring dhawuh marang Bima supaya menyang Gunung Candramuka lan golek kayu gung susuhing angin supayane bisa nggayuh ngelmu kasampurnan.  Krungu apa kang didhawuhke gurune, Bima banjur pamit lan budhal menyang Gunung Candramuka. Sayektine, apa kang diparentahake Pandhita Durna kuwi mung siasat kanggo nyilakani Bima supaya ora bisa melu perang Baratayuda.

    Gunung Candramuka kuwi papan kang wujude alas gung liwang liwung kang kondhang wingit lan bebayani. Sapa wonge kang wani mlebu alas kasebut biasane ora bisa bali maneh. Bima kang bekti marang gurune lan duweni jiwa kasatriyan lunga menyang papan kasebut tanpa ragu. Tekane Bima ana ing Gunung Candramuka, Bima langsung goleki kanthi temen kayu gung susuhing angin kasebut. Saben ana kang ngalangi lakune Bima, langsung disingkirake. Wit-witan dibabati lan watu-watu gedhe disingkirangake kanggo goleki kayu gung susuhing angin.

    Babat alas kang dilakoni Bima agawe muring Buta loro kang mapan ana ing alas kasebut. Buta loro kang jaga gunung Candramuka duweni awak kang gedhe lan brangasan. Buta kasebut duwe jeneng Rukmuka lan Rukmakala. Weruh papan padunungane diobrak-abrik, buta loro kasebut ora trima lan arep nyekel bima kanggo didadekane mangsane. Bima gelud karo buta loro mau kanthi rame. Kanthi kasektene, Bima bisa ngrampungake perang tandhinge lan ngalahake buta loro mau.

    Sawise dikalahake karo Bima, buta loro mau malih dadi Dewa Indra lan Dewa Bayu. Ana kono Dewa Bayu ngaturake panuwun marang Bima amarga saka ngalahake buta loro mau Dewa Indra lan Dewa Bayu bisa icul saka kutukane. Weruh ana dewa loro kang ana ning ngarepe, Bima banjur takon ana ning ngendi kayu gung susuhing angin kang digoleki Bima. Dewa Indra banjur mangsuli pitakonane Bima, yen sejatine kayu gung susuhing angin kuwi ora ana wujude. Sing digoleki Bima kuwi mung gegambaran ngilmu kang bisa di etukake saka niat lan tumindak kang tumemen. Kayata Bima kang bisa ngalahake Rukmuka lan Rukmakala, ing ngendi buta loro mau gegambarane panggodha kang bisa gawe wong liya wedi lang ngurungake niate. Saka apa kang diangdhareke Dewa Indra lan Dewa Bayu mau, Bima banjur ngerti apa kang sejatine digoleki. Bima Banjur jaluk pamit balik menyang Astina. Sakdurunge bali, Dewa Indra menehi Bima ali-ali kang aran Sesotya Manik Candrama. Dayane ali-ali kasebut yaiku bisa mlebu ing segara tanpa kangelan.

    Sawise dheweke bali menyang astina, dheweke memoni gurune maneh, yaiku Resi Drona. Ngadhep gurune, Bima jlentrehake apa wae kang dheweke temokake ana ing Gunung Candramuka, wiwit saka dheweke babad alas lan gelud karo buta, tekan dheweke ketemu dewa Indra lan Bayu. Sawise krungu caritane Bima, Pandhita Durna banjur dhawuh maneh marang Bima kanggo goleki Tirta Perwitasari kang mapan ana ing telenging segara. Etuk dhawuh saka gurune kasebut bima banjur budhal menyang segara.

    Saktekane pinggir segara, Bima banjur ngatur napase lan netegake atina sadurunge nyemplung segara. Nalika nyemplung ing segara, Bima katulungan ali-ali kang diparingi  dewa Indra saengga Bima bisa mlebu ing segara tanpa kangelan. Ing telenging samodra, Bima kepethuk naga kang aran Amburnawa. Amburnawa kuwi naga gedhe kang ganas, kang duweni wisa. Kewan apa wae kang lewat ngarepe mesthi dipangan saengga ora ana kewan laut kang wani nyedhaki. Weruh ana manungsa kang ana ing ngarepe, Amburnawa banjur nggubet awake Bima nganti ora bisa obah lan kepingin dadekake bima dadi mangsane. Bima kang awake kaubet banjur ngetokake gamane yaiku kuku Pancanoka. Kuku Pancanoka ditancepake ing awake naga kasebut nganti suwek kulit lan mocor-mocor getihe. Perang tandhing mau dimenangake dening Bima, banjur Bima nerusake lakune golek Tirta Perwitasari.

    Nalika golek Tirta Perwitasari  Bima ketemu bocah cilik kang wujude mirip kaya Bima. Ing kono Bima takon marang bocah kasebut, sapa sejatine dheweke. Bocah kuwi mangsuli yen sejatine dheweke kui Dewa Ruci. Krungu apa kang diandharake bocah kasebut, bima durung percaya. Bima banjur nguji Dewa Ruci kanggo bedhek kenang apa Bima lunga adoh tekan telenging samudra lan kira-kira sing paring dhawuh. Dewa Ruci banjur mangsuli bilih Bima tekan telenging samudra saperlu golek Tirta Perwitasari lan sing ngakon Bima yaiku gurune dhewe kang aran Pandhita Durna. Krungu apa wangsulane Dewa Ruci, Bima banjur percaya yen bocah kang wujude kaya Bima kuwi pancene Dewa Ruci.

    Bima kang ketemu Dewa Ruci ing telenging samodra banjur jaluk pituduh ana ngendi dheweke bisa ngetukake Tirta Perwitasari. Dewa Ruci banjur ngomong yen pancene Bima pengin weruh apa kang digoleki, Bima kudu gelem mlebu ana anggane Dewa Ruci. Bima bingung karo andharane Dewa Ruci amarga awake Bima kuwi gedhe lan awake Dewa Ruci kuwi mung sak epek-epeke Bima, dadi ra mungkin bima bisa mlebu. Weruh Bima kang ora percaya, Dewa Ruci banjur dhawuh marang Bima supaya mantebake atine lan weningake pikire supaya awake bisa mlebu ana anggane Dewa Ruci.

    Nalika wis mlebu ana ing awake Dewa Ruci, Bima kaget lan nggumun amarga apa kang katon ning ngarep kuwi beda karo apa kang dibayangake. Ana ing anggane Dewa Ruci, Bima ngrasa kayata lagi ana ing papan kang jembar tanpa winates. Bima uga ngrasakake rasa adhem, ayem, endah lan tentrem nalika ana ing anggane Dewa Ruci. Ing kono Bima diwejang ngilmu sangkan paraning dumadi kang nerangake mula bukaning manungsa kacipta ing donya lan sawise kuwi bakal bali ana ngendi. Sakliyane iku, Bima uga diwejang Pancamaya Kuwasaning Tyas kang dilambangake minangka lima panca indra (paningal, pamiyarsa, pangganda, pangrasa lan pamirasa) kang kudu bisa dikuwasani kanthi becik.

    Ing jiwaning manungsa sejatine ana pancamaya (lima cahya), ing ngendi saben cahya mau duweni werna dhewe-dhewe. Saben manungsa duweni werna kang sorote paling padhang kayata nepsune kang paling gedhe.

    1.      Cahya ireng, nggambarake nepsu marang panganan (kemaruk, luwe, ngelak lan ngantuk)

    2.      Cahya abang, nggambarake watak nistha, angkara murka lan gampang nesu.

    3.      Cahya kuning, nggambarake hawa kasenengan, pepinginan lan kabungahan.

    4.      Cahya putih, nggambarake watak wicaksana lan kautaman

    5.      Cahya kayata zamrud kang asale saka soroting bumi/donya, ngaambarake banyu, geni, angin, angkasa, surya, candra/rembulan lan kartika/lintang.

    Sawise kawejang, Bima bisa mengerteni yen Tirta Perwitasari kang digoleki kuwi sejatine ora ana. Kuwi mau mung pralambang menawa manungsa kang suci kuwi kang bisa ngendhalekake nepsune lan bisa nggunake panca indrane kanthi sakmesthine. Akeh wejangan kang dietuk Bima saka Dewa Ruci kang gawe Bima sansaya tentrem. Bima kang ngrasakake kabagyan lair lan batin nalika ana ing anggane Dewa Ruci dadekake dheweke ora kepingin bali. Ananging Dewa Ruci dhawuh marang Bima, supayane gelem bali lan ngrampungake apa kang dadi kwajibane ana ing donya. Bima banjur metu saka anggane Dewa Ruci kanthi ati kang bungah lan bali ing negarane.

    CERKAK (Cerita Cekak)

     Pangertosan Cerkak Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar awujud gancaran kan nyaritakake perangan lelakon, ngenani gegambaraning urip bebr...