Tuladha carita lan pacelathon basa jawa

Dina senin ing wayah esuk, Doni siap-siap mangkat sekolah. Dina iki dheweke mangkat rada gasik amarga dina iki ana kagiatan upacara pengetan ambal warsa SMPN 5 Yogyakarta. Sadurunge mangkat sekolah, Doni mesthi pamitan marang ibune, banjur budhal diterke bapakne..

Doni    : Buk, kula pamit bidhal sekolah nggih.
Ibu    : Ya le, ati-ati ya. Aja lali sinau sing tenanan. 
Doni    : Nggih Buk.
Ibu    : Ana sing keri ora? Dicek sipek, mbangane mengko ndadak balik meneh.
Doni    : Boten kok bu, sampun samekta sedaya. Bidhal rumiyin nggih. Assalamu`alaikum.
Ibu    : Wa`alaikumsalam Wr. Wb.

Sawise pamit marang ibuke Doni banjur mangkat sekolah kanthi diterke bapake. Saka ngomah tekane sekolahan kurang luwih butuhake wektu 15 menit. Nalika tekan sekolahan, Andi banjur gage-gage mlebu sekolahan lan ora lali pamit bapake dhisik.

Doni    : Pak, kula pamit sekolah rumiyin nggih (sinambi ngaras astane bapake)
Bapak    : Ya le, sinau sing pinter, sing tenanan, manut karo bapak ibu, guru.
Doni    : Nggih pak. Assalamu`alaikum.

Nalika Doni mlaku tumuju kelas, Dito marani lan jejeri mlaku bareng. 

Dito    : Sugeng enjing Don.
Doni    : Sugeng enjing To.
Dito    : Kepie wingi lomba nembange Don?
Doni    : Ya ngono lah To, yen rumangsaku wis apik, hehe. Sik penting wingi aku wis latihan tenanan lan maju lombane ya tenanan. .
Dito    : Mengko kayane asile lomba kuwi diumumake nalika Upacara ya?
Doni    : Iya, wingi ngendikane pak guru ngono.
Dito    : Ya wis, sik penting semangat wae Don, sapa ngerti awakmu juwarane.
Doni    : Iya To, nuwun lho.
Dito    : Ayo saiki delehke tas sipek, banjur ning lapangan, siap-siap upacara.
Doni    : Yo

Upacara bendera kalaksanan kanthi hikmat saka wiwit tekan pungkasan.
Bibar kuwi ana wara-wara/pengumuman saka OSIS ngengingi lomba nembang kang wingi dianakake ing sekolahan mengeti HUT SMPN 5 Yogyakarta. Riva minangka ketua OSIS macakake asil lomba.

Riva    : sugeng enjing Ibu Kepala Sekolah, bapak ibu guru, lan kanca-kanca sedaya. Nyuwun kawigatosanipun sekedhap. Wonten mriki kula badhe ngandharaken asilipun lomba nembang Pengetan HUT Sekolah. Ingkang pikantuk juwara satunggal lomba nembang kala wingi inggih menika Doni saking kelas 8K.

Siswa-siswi kelas 8K banjur keplok, lan bengak-bengok nandhakake yen seneng amarga kancane menang komba makili kelas. Kanca-kancane Doni banjur nyalami Doni lan aweh pangalembana marang dheweke.

Siska    : Slamet ya Don, kowe pancen bocah trampil, pancen wangun awakmu etuk juwara siji.
Doni    : Nuwun ya Sis.
Susi    : Slamet ya Don, swaramu pancen apik tenan kok. Aja lali sesuk aku diwarahi nyanyi ya.
Doni    : Iya Sis Nuwun ya. Sakjane sing bisa nyanyi kuwi akeh kok. Mung bejaku wae entuk juwara siji.
Susi    : Nanging pancen apik tenan kok swaramu Don. Sorry tenan malah wingi kae aku tau ngremehake awakmu yen ra bisa nembang.
Doni    : Iya, ra papa Sus. Uwis tak ngapura. Kabeh uwong ya mesthi tau nglakoni luput.
Susi    : Nuwun Don, Muga-muga sesuk aku wis ora gampang ngremehake wong liya maneh.

Cara mimpin donga nggunakake basa jawa

Miwiti Pasinaon :

Sumangga kanca-kanca kita wiwiti pasinaon basa jawi wonten enjing/siyang menika kanthi dedonga sesarengan. 

Dedonga kawiwitan  ----  cekap


Mungkasi Pasinaon

Sumangga kanca-kanca kita pungkasi pasinaon basa jawi wonten enjing/siyang menika kanthi dedonga sesarengan. 

Dedonga kawiwitan  ----  cekap

Tatakrama & Ungguh-ungguh Basa

 Tatakrama iku asale saka 2 tembung yaiku tembung tata lan krama. Tata tegese becik lan krama tegese pratingkah/patrap. pramila tatakrama bisa ditegesi patrap kang becik.

Unggah-ungguh asale saka 2 tembung, yaiku tembung unggah lan ungguh. Unggah duweni teges obah mendhuwur lan ungguh asala saka tembung mungguh kang ateges manggon/mapan.

Unggah-ungguh kapara dadi 4 undha usuk basa, yaiku basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus, 

1. Ngoko Lugu (kabeh tembunge ngoko)

Biasane digunakake wong kang luwih tuwa marang wong kang luwih enom (guru marang siswa). Bisa uga digunakake kanggo wong kang saumuran.
  • Le, kapan anggonmu teka? (wong tuwa marang anake)
  • Ngapurane ya, iki mengko aku ora bisa melu sinau bareng. (kanca marang kanca)
  • Kowe mengko bengi sida turu kene ta?. (kanca marang kanca)
  • Aja lali mengko ngarepan diresiki. (Bendara marang rewange)

2. Ngoko Alus (nggunakake ngoko + krama/madya)

Biasane digunakake kanggo wong liya kang umure luwih tuwa ananging ora kacek adoh lan wis akrab (adhi marang kangmas/mbakyu). Bisa uga kanggo wong kang saumuran kang nembe ngomongake wong kang luwih tuwa.
  • Panjenengan/Sampeyan apa ora tindak kantor? (adhi marang kangmas/mbakyune)
  • Panjenengan/Sampeyan mengko bengi sida sare kene, ta? (dhateng kanca ingkang arang kepanggih)
  • Pak lurah wingi jarene gerah, mulane ora sida tindak. (kanca marang kanca)

3. Krama Lugu (nggunakake krama + madya)

Biasane digunakake marang wong kang luwih tuwa ananging wis akrab banget (kanca sak gawean & nalika blanja ning pasar)
  • Mbok tilem ten mriki mawon mas?
  • Kula ajeng mrika riyin.
  • Niki regane pinten nggih?
  • Sampeyan niku daleme pundi?

4. Krama Alus (kabeh tembunge krama). 

Biasane digunakake marang wong kang kudu diormati. (marang wong tuwane, guru, lan marang Bose)

  • Panjenengan badhe tindak pundi?
  • Menapa mangkih sonten kula kepareng sowan dalemipun panjenengan?
  • Nuwun sewu bu, menapa kepareng kula nyuwun pirsa?

Materi Kelas 7

1. Unggah-ungguh Tetepungan (Pekenalan)

  • Luwih becik awake dhewe pitepungan dhisik.
  • Nyebutake jeneng, omah, lsp.
  • Sumeh (senyum)

2. Unggah-ungguh Pamitan 

  • Matur kanthi sopan, ora kesusu.
  • Ngadeg jejeg, sirah rada dhingkluk.
  • Praenan sumingah, ora mbesengut.
  • Nalik salaman luwih apik kanthi diaras astane.
  • Ora kena sembrana/cengengesan.

3. Tata krama wong mlaku

  • Mlaku ing pinggir sisih kiwa
  • Menawa mlaku ing luwih saka 
  • becike jejer loro-loro ngarep buri, sing putri ing kiwane sing kakung.
  • Ora kena disambi kagiyatan liya
  • Kudu tansah ngati-ati, ngawasake kahanan kiwa lan tengen.
  • Yen mlaku bareng wong tuwa becike ana burine
  • Mlaku ora kena diseret utawa ngantebake sikil.
  • Menawa arep ndhisiki becike matur “nuwun sewu/nyuwun pangapunten kula ngrumiyini”.
  • Menawa liwat sangarepe wong becike matur “nuwun sewu/dherek langkung”

4. Tata krama numpak kendharaan

  • Sehat awak lan rohani
  • Sehat motore (lampu, klakson, lsp)
  • Nggawa layang kendharaan kanthi komplit (SIM & STNK)
  • Ngganggo pengaman tumrap kendharaan (helm/sabuk pengaman)
  • Yen boncengan motor ora luwih saka 2
  • Nggatekake lan taat rambu-rambu
  • Ora kena jejeran

Materi Kelas 8

1. Nyuwun kawigaten (meminta perhatian)

Usaha supaya wong liya padha nggatekake awake dhewe. Biasane digunakake nalika aweh wara-wara/pengumuman.

Cara nyuwun kawigaten nalika arep aweh wara-wara.
  • (Bisa diwiwiti kanthi matur kulanuwun)
  • Salam (sugeng enjing/siyang/assalamualaikum) 
  • Njaluk pangapura 
  • Njaluk kawigaten + (idin arep ngomong)
  • Ngandharake isi wara-wara
  • Maturnuwun
  • Salam

Nalika arep jaluk kawigaten bisa nggunakake tembung :

  • Gatekake 
  • Kawigaten
  • Ganggu sedhela
  • Jaluk wektune
  • Nyelani sedhela
  • Lsp.
Tuladha :
  • Njaluk kawigatene sedhela kanca-kanca. Iki mengko pasinaon  B.Jawa kosong amarga pak Adit lagi ana rapat.
  • Sugeng siyang kanca-kanca. Ngapura, ganggu wektune (njaluk kawigatene) sedhela, aku arep ngandharake wara-wara bab PENSI kanggo acara HUT Pawitikra. Dadi sesuk saben kelas diwajibake ngetokake perwakilan kanggo pentas ngisi acara HUT. Tak jaluk mengko sak bubare pelajaran, awak dhewe kumpul sedhela ngrembug bab kuwi ya. Mbok menawa kuwi sing perlu tak andharake. Maturnuwun.
  • Sugeng siyang bapak, ibu guru. Nyuwun kawigatosanipun sekedhap. Enjing menika ibu Kepala Sekolah badha ngendikan babagan Ujian Akhir Semester ingkang badhe kaleksanan benjang minggu ngajeng. Sumangga saged dipunmirengaken sesarengan.

2. Aweh Pangalembana (Memberi Pujian)

Ngandharake rasa gumun utawa apresiasi marang wong liya tumrap salah sawijining bab kang wis katindakake kanthi becik, endah, elok, lsp.

Guna aweh pangalembana kanggo wong sing dialem :
Aweh panjurung utawa panyengkuyung (motivasi/spirit) tumrap pawongan kasebut, supaya tan saya mempeng anggone sinau, gladhen lan kupiya apa wae kanggo nggayuh pepinginane.

Guna aweh pangalembana kanggo wong sing ngalem :
Nuwuhake lan nambah rasa preduli marang wong liya (peduli/simpati/empati)

Tuladha Aweh Pangalembana :
  • Wah, apik tenan anggonmu nembang. Pancen wangun awakmu etuk juwara 1. Sesuk aja lali aku diwarahi ya.
  • Wah, apik tenan anggonmu nggambar, seupama didol mesthi larang.
Piwulang aweh pangalembana :
  • Kudu ngajeni asil karyane wong liya.
  • Ora kena nyacat apa kang wis ditindakake wong liya.
  • Awake dhewe ora kena umuk lan ngrasa wis marem yen dialem dening wong liya.
  • Sabisa-bisane sregep anggone sinau utawa usaha supaya bisa luwih apik.

3. Nyuwun idi palilah (meminta ijin)

Njaluk idin menawa arep lunga saka adicara kang nembe katindakake. Bisa uga kanggo ngarepake palilah/restu saka wong liya kanggo nindakake salah sawijining bab/kagiatan.

Tuladha nyuwun idi palilah :
  • Kanca-kanca, mengko awan aku arep melu lomba basket makili Pawitikra. Njaluk dongane ya supaya mengko bisa etuk juwara.
  • Pak, bu nyuwun donganipun. Dinten menika kula badhe ndherek lomba FL2SN wonten Taman Pintar mangkih siyang.
  • Pak, bu nyuwun pangapunten dinten menika kula boten saged ndherek pasinaon/KBM amargi kula wonten adicara kulawarga wonten Semarang.
Guna nyuwun idi palilah/idin
  • Ngandhani wong liya yen awak dhewe arep nindakake salah sawijining bab.
  • Ngerteni wong liya lila utawa marengake/ngetukake apa ora tumrap tumindake awake dhewe.
  • Supaya wong liya ora bingung lan khawatir.

4. Jaluk Pangapura

Tegese nalika awake dhewe nindakake kaluputan marang sapa wae, becike enggal ngrumangsani lan ngakoni kaluputane. Banjur gage-gage njaluk pangapura/welas asih marang wong kang awak dhewe luputi supaya gelem aweh pangapura lan lila marang kaluputane awake dhewe.

Tuladha jaluk pangapura

  • Ngapura ya, aku wingi ora bisa ngewangi nggarap tugas kelompok bareng amarga wingi kui aku ana lomba.
  • Pak, bu nyuwun pangapunten tugas b.jawi kala wingi dereng kula garap amargi kala wingi kula nembe sakit.
  • Nyuwun pangapunten pak, bu rapot kula semester menika kirang sae. Kula janji, mangkih langkung sregep malih anggenipun kula sinau supados saged pikantuk biji ingkang langkung sae.
Sarat Jaluk Pangapura

  • Rumangsa yen luput tenan.
  • Ati kudu sumeleh lan lila.
  • Janji lan ngupaya tenan supaya ora mbaleni kaluputane kuwi.
  • Nyoba ndandani apa kang wis dilarani/dirusak.
Sarat Aweh Pangapura
  • Ati kudu lila/iklas.
  • Percaya yen wong liya mesthi bisa dadi wong kang luwih becik.
  • Gelem nglalekake kaluputane wong liya lan ora kena ngrembug maneh kaluputane kang wis kadadean. 

CERKAK (Cerita Cekak)

 Pangertosan Cerkak Cerkak yaiku karya sastra gagrag anyar awujud gancaran kan nyaritakake perangan lelakon, ngenani gegambaraning urip bebr...